" UILAHENG HONGMANGARCANA, MATAYA, AWIGNA MASTUNA MASHIDEM, UPAH MAYANA SIWAHA "
Suaroasipun : Dhuh hem adhuh, kawula manembah ing suksma, dununging panembah, sageda tinarimah lan angsal ganjaran saking kamirahanipun Sang Hyang Guru, ingkang mengku sakliring pepadhang.
Punika wawarah sanyata, nedhahaken kahananing Pangeran, ingkang binasakensaklangkung samar, tanpa rupa tanpa swara, dede jaler dede estri, lan dede wandu, tanpa prenah tanpa enggen, dinulu boten ketingal, dinumuk boten kantenan.
Punika teteping kahanan wonten ing ndalem cipta sasmitaning kang waskita, pramila para guru anggenipun suka pitedah dhateng nuridipun, kaumpameaken makaten :
“ Sajatine ora ana apa-apa, sakehing kawujudan, rurupan,wawarnan, lan pasebutan, iku dudu sajati lan dudu panuksmaning Pangeran. Dene kang kadunungan panguwasa lan kamulyan ing sabarng kabeh, iku muhung Ingsun.”
Manawi dereng saged anampeni wewejangan makaten wau prayogi sami den talatos marsudi maksuding suraos, sarana angingpun sakathahing wewejangan sadaya miturut kawruh ingkang sanyata kados ing ngandhap punika;
Ing saderengipun gumelar sagunging kahanan, ing marcapada lan mukswapada ( Dunya lan akherat ),punika ingkang runiyin among gesang kita, jumeneng woten salebeting wiji kang piningit. Sayektosipun inggih gesang kita punika, ingkang tetep sinuksma ing Pangeran kita, mila den saged sami rumeksa ing gesang kita pribadi, saran ngatos-atos, ingkang gemi nastiti ingkang dados witing panggesangan, sampun ngantos kapinten boten saged jumeneng gesangipun. Beda kaliyan manungsa ingkang sampun tinarima sampurna kawruhipun tetep ing pangandel, boten bade katempelan ing pangrencana, tegesipun : ” boten susah ing kaluwen, kamlaratan, lan panuju kataman ing sasakit boten ajrih dumugi ing pejah. Dene manawi kasebat tiyang limrah kemawon, kedah anglampahi pangupaya ingkang ndadosaken santosaning gesangipun. “
Dene gesang kita, tetelanipun manawi sanyata rinasuk dening Pangeran kita, kayekten saking solah bawa kita, punika sayektosipun teterusan saking karsaning Pangeran kita. Menggah panuksmaning Pangeran anggenipun rumasuk ing badan kita punika mawi warana ing ndalem pitung kahanan, kados ing ngandhap punika :
1. Kayu, sajatining gesang kita.
2. Nur ( Cahaya )
3. Sir ( Rahsa )
4. Roh, Nyawa, Suksma, Herah.
5. Napsu ( Angen-angen )
6. Ngakal ( Budi )
7. Jasad ( Badan )
Dene pepangkatan warananing Pangeran, ingkang dumados saking pitung kahanan ing nginggil wau, manawi karingkes, among dumunung ing tigang kahanan inggih punika :
1. Suksma mengku jamaning kemukswan.
2. Rahsa mengku jamaning supena ( tilem ).
3. Budi mengku jamaning dunya ( melek ).
Wondene KAYU, punika purwaning ngagesang, ingkang anglimputi sakathahing warana 6 pangkat wau sadaya wusana kita kawasa saged mobah mosik lan saged nyembadani pakertining pancandriya, kadosta : pakartining paningal, pangambet, pamiarsa, pamicara, lan pamiraos, punapadene ambegan, sadaya punika tuturutan saking pakartining pangeran kita.
Ananging wonten ugi prabedanipun, menggah wataking kawula lan Gusti. Dene watking Gusti inggih punika : Wungu, Tuwuk, Ayem, Parem, Sareh, Emut, Tetep, Waspada, Santos, Bingah, Saras lan Raharja. Menggah titimbanganipun wateking Kawula inggih punika ; Arip, Luwe, Ngelak, Sahwat, Sereng, Supe, Bingung, Pangling, Uwas, Susah, Sakit lan Bilahi. Menggah liring babasan ingkang makaten punika inggih saking pakartining papasten kita pribadi.
Wondene santosaning pangesti manawi badhe angyektosaken tandhanipun, ngadat wonten kaelokan ingkang andhatengi, medal saking sarira kita pribadi, keetingal saking pramananing netya, karaos ing ndalem Rahsa. Nalika punika manawi katarima saged kadumugen punapa saestining nggalih.
Menggah pratikelipun manawi badhe Mangestuti utawi Manekung miturut piwulang ndalem Kanjeng Panembahan Senopati Ing Ngalaga, makaten :
Wiwitipun kedah ngengirangi dhahar, sare lan sahwat, punapa dene ngirangi saliring kakajengan. Lajeng anglowong ( boten nedha lan mboten ngombe ) sarta ambisu 3 dinten 3 dalu, mboten kenging ngemu penggalih sereng. Manawi nglowongipun kirang 2 dinten 1dalu mboten kenging sare. Ing wanci tengah dalu lajeng sesuci raga, siram, busana sarta geganda , dhidhipangajengaken keblatipun piyambak, inggih punika ing jaya. Yen sampun dumugi wanci bangun lajeng pejah raga, nutupi pancadriya, anyegah turas, sarip tuwin susuker.
Dene Manekung : Jempol suku polok lan dhengkul kiwa tengen ka’abena. Pajaleran kasipat kaliyan jempul suku, Asta kakalih ngrangkul jengku, driji ngapurancang, jempol ingaben, kasipat pucuking grana, lidhah katekuk minggah medal ing cethak, waja gathuk, lati mingkem, lajeng anata lebet wedaling napas, inggih punika : Panariking napas saking puser ( Napas Mlebet ) kasengkakna minggah anglangkungi cethak dumugi ing susuhunan ( Utek = embun-embunan , panariking napas wau kedah alon-alonan ( sareh ), sarta kasarengan panebut mungel Hoe ( HU ), naming kabatos kemawon, sumengkaning napas wonten susuhunan kaendelna sawetawis dangunipun. Manawi sampun kraos awrat, inggih lajeng kaedalna ( kawedalaken ) ingkang sareh alon-alonan dumugi ing puser, dene wedaling napas wau ugi kasarengan panebut mungel ALLAH, ugi namung kabatos kemawon. Dados panebut wau mungel HOE – ALLAH. Makaten katindakaken marambah-rambah ( terus – rutin ) sadangunipun manekung, sarana ugi mawi ngereh ebahing badan ( badan mboten mobah mosik ), punapadene angeningaken cipta, sarta amatrapaken adeging gesang kita. Yen tinarimah adat lajeng angsal ciptasasmitaning gesang kita, punapa ingkang sinedya.
Dene panekungan wau manawi sampun linatih kenging dipun cancutaken, boten mawi cecegah sapanunggilipun, punapa dene boten angen wanci, tanpa sarana angger karaos sumenteg ing dalem cipta sarta kenceng ing pangesti inggih punika nandhaaken yen badhe tinarimah.
Mangreh lebet wedaling napas ingkang sarana tinata sarta manebut Hoe – Allah punika kedah ajeg katindakaken ing rinten ndalu, langkung-langkung manawi kaleres saweg manekung. Inggih lampah makaten punika ingkang kawastanan Salat Dhaim. Utawi salat batos, inggih salating Suksma, inggih Salating Nyawa ( Nyawa = Hawa = Ambegan = Napas ). Dene Napas utawi Ambegan punika lebet wedaling Angin .
Wondene nglampahi panekungan wau sayoginipun kedah saben wulan sapisan, langkung-langkung yen ing wektu dinten pananggalaning tinarimah, utawi kasebut dinten ijabah, inggih dinten dhawahing lhelatulkadar, inggih punika : ing tanggal 9 Sura, 12 Mulud, 27 Rajab, 15 Ruwah, 21,23,25,27,29 Pasa, saha tanggal 8 lan 9 Besar.
Dene wiwiting manekung ing wanci serap surya, tengah dalu, bangun enjing utawi tengange.
Kajawi saking punika ing saben dintenipun inggih kedah mangreh lebet wedaling napas sarana panebut “ HOE ALLAH “, langkung-langkung bilih mapan sare ing wanci ndalu.
Inggih lampah makaten punika ingkang nama “ ajeg panembahe , Lumintu Salate “ Manawi sampun saged tumindak makaten inggih punika ingkang winastan salat dhaim, inggih sajatosipun salat, tanpa antawis ing wektu, tanpa mawi angetang rekangat, bebasanipun :
“ Salat ngiras nyambut damel, lenggah sarwi lumampah, lumampah kaliyan andhepok, lumajeng salebeting kendel, mbisu kaliyan cariyos, kesah sarwi tilem, tilem kaliyan melek. Sebab salat dhaim punika kakekating salat, mila tanpa ruku tanpa sujud among dumunung wonten rahsa telenging gesang. “
Dene tandhaning adegipun, inggih gesang kita pribadi, rukuk ipun paningal kita, sujudipun pangandika kita, iktidhalipun pamiarsa kita, wawaosaning ayatipun pamiraos kita, lenggahipun teteping iman kita, tahiyatipun manteping tekad kita, salamipun makripat islam kita, pujinipun lebet wedaling napas kita, dikiripun awas emut kita, keblatipun madhep dhateng ening-ening kita, sampun was sumelang malih. Mila makaten sabab jumeneng Dat, Sipat, Asma, Afngal kita, punika sampun dados kur’an sajati, mratandhani sajatining salat sadaya, dipun wastani : Shalat Dhaim.
Manawi iptitahipun Salat Dhaim makaten : “ Niatingsun salat dhaim kanggo salawasing uripingsun, adage yo uripingsun, rukuke yo paningalingsun, iktidale pamiarsaningsun, sujude pangambuningsun, wawacane ayat pangusapingsun, tunggune tetepe imaningsun, tahiyate mantepe tokidingsun, salame makripat islamingsun, pupujine lebu wetune napasingsun, dhikire awas elingingsun, keblate adhepe eneng-eningingsun, perlu anglakoni wajib saka kodrat irodatingsun dhewe. “
Makaten punika pasrah analangsa sanubari dhateng Dating gesang kita pribadi, sampun was sumelang.
Dene Salat Dhaim punika, manawi kasemak kaliyan kaketaning rukuning Islam, utawi kaliyan katimbang kakekating pikekahing Iman, suraosipun inggih nunggil misan kemawon, liripun makaten :
1. SAHADAT ; menggah hakekatipun wonten lampah temen, dumunungipun ing pamiraos( wicara ) , angger nuhoni wicantenipun, inggih punika teteping Sahadat.
2. SIAM ; hakekatipun wonten lampah trima, dumunung ing pangganda, angger marem katandukan ambet ingkang menginaken ( mboten angisep-isep saliring piawon ) inggih punika tetep siamipun.
3. JAKAT ; hakekatipun wonten lampah utami, tegesipun sabar dumunung ing pamiarsa , angger saged mutakaken netra ( micek ), inggih punika anetepi jakat.
4. SALAT ; hakekatipun wonten lampah utami, tegesipun sabar, dumunung ing pamiarsa, angger saged anulekaken talingan ( mbudeg ), inggih punika anglenggahi salat.
5. KAJI ; hakekatipun wonten ing panalangsa lan netepi janji, dumunung ing pangraos lan solahbawa, angger saged nyirnaaken pangraos tuwin amejahi sarira, inggih punika anglampahi kaji.
Rukuning Islam ing hakekatipun wau lajeng dipun pralampitani : Lesan mbisu, irung pepet, mripat wuta, kuping tuli, badan mati. Inggih makaten punika ingkang nama tetep kuwasa nindakaken rukuning ISLAM SAJATI, sebab sanyata kuwasa mati sajroning urip, urip sajroning pati, inggih urip salawase.
Pikekahing Iman wonten 6 prakawis, inggih punika :
1. Angandel Ing ALLAH : menggah hakekatipun angestoaken gesanging jasad kita sarta rumaosa manawi dados sipating ALLAH Sajati, liripun angger jasad kita tansah sinucekaken, sarta samubarang tindak tansah angenggeni ing kautaman, makaten punika nama Ngandel Ing ALLAH.
2. Angandel Ing Malaikat : hakekatipun angestoaken wahyaning paningal, pamiarsa, pangganda, pangraos, pamiraos, liripun angger kita tansah angatos-atos anggen kita matrapaken tanduking netya kaliyan wiraos sapanunggilipun, inggih punika hakekatipun tetp temen-temen angandel ing malaikating Allah. Sabab hakekating malaikat punika dumunung wonten salebeting pancandriya inggih punika : Malaikat Jabarail dumunung ing Pamiraos, Mikail ing Pangganda, Israpil ing Paningal, Ngijrail ing Pamiarsa kaliyan ing Rahsa, Haruman ing Nyawa, Munkarun Wanakirun kalih pisan ing Napsu, Kariman lan Katiben sakaliyan ing Budi.
3. Angandel ing Utusan : hakekatipun angestoaken wahananing Rahsa, liripun angger kuwasa angendelaken pangraos lan angeningaken paninga lereming cipta, makaten punika tetep temen-temen Angandel Utusaning Allah.
4. Angandel Ing Kitab : hakekatipun angestoaken kahananing nyawa, liripun awas lalampahing gesang saha emut emut lan mangertos ing kadadosan kita, makaten wau angger tansah awas emut ing dalem batos , inggih punika tetep temen-temen Angandel Kitabing Allah.
5. Angandel Untung Sae lan Untung Awon Saking ALLAH : tegesipun dhatenging begja cilaka atas takdiring Allah, hakekatipun angestoaken manawi babarang napsu punika saking wedharing Budi lan Pribadi, liripun angger enggal-enggal pasrah analangsa dhateng Dat kita, inggih punika tetep temen-temen Angandel ing Takdiring Allah.
6. Angandel ing dinten Kang ngakir : tegesipun dinten wekasan, hakekatipun angestoaken ing papastining pejah saking wisesaning Dat kita pribadi, liripun angger asring anindhakaken ing iktekd kita kang santosa, punika tetep temen-temen Angandel ing dinten wekasan saking wisesaning ( kuwasaning ) Allah.
Baca Selengkapnya...
Rabu, 14 Maret 2012
3. PANUNGGAL – JATI
:________________________________________
Langganan:
Postingan (Atom)