Minggu, 27 Maret 2011

( 1 ) SOPO ORA NANDANG SUKA LAN SUNGKAWA ?

:________________________________________

Para maos layang iki tak pastekake ora beda karo pangriptane layang iki; wis kerep kataman ing SUKA ( Bungah ) lan SUNGKAWA ( Susah ). Ora mung kerep wae, satemene panandang sing kita jenengi BUNGAH lan SUSAH kuwi pancen kita sandang sedina-dinam ing saben jam, saben menit, saben sekon.

Ujare kawruh BEGJA ( Kyai Ageng Surjamataram ) ; pancen lelakone wong urip kuwi mung gek bungah gek susah, gek bungah gek susah, mangkono sadina dinane. Ora ana wong bungah terus-terusan sing tanpa susah lan ora ono wong susah terus-terusan sing tanpa bungah. Ing sajroning bungah sing kaya ngapa wae banjur thukul susahe, ing sajroning susah sing tumpuk-tumpuk tumpang tindihya isih bisa tuwuh bungahe.

Miturut wewarahe kawruh mau, thukule BUNGAH  lan SUSAH  kuwi jalaran saka mulur mungkrete karep. Wong duwe kekarepan kuwi yen katekan BUNGAH yen ora katekan SUSAH. Mangka karep kuwi yen wis katekan mesti banjur mulur, mulur maneh lan mulur maneh nganti..........ora katekan. Kosok baline karep kui yen ora katekan mesti banjur mungkret, mungkret maneh, mungkret maneh, nganti.......katekan.

Mulane lelakone yo mung gek bungah gek susah - gek bungah gek susah, mangkono wae janji ish urip ora nganggo mikir.

Teruse wedare kawruh mau: lalakon gek bungah gek susahh kuwiwong sajagad-rat iki pada wae, ora ana bedane babar pisan, antarane RATU karo KERE, Wali Karo Bajingan. Mung wae SABABE lan WUJUDE

Ana Candhake.................................

________________________________________

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SILAHKAN TINGGALKAN PESAN ANDA DISINI