:________________________________________
Ingkang dipun wastani kawruh Sastra Jendra anênggih punika pituduh ingkang  sanyata, anggêlarakên dununging kawruh kasampurnan, winiwih saking pamêjangipun  para wicaksana ing Nungsa Jawi, karsa ambuka pitêdah kasajatining kawruh  kasampurnan. Kawruh Sastrar Jendra Hayuningrat pangruwat barang sakalir,  kapungkur sagung rarasan ing kawruh tan wonten malih, wus kawengku sastra-di,  pungkas-pungkasaning kawruh, ditya diyu raksasa  myang sato isining wanadri,  lamun weruh surasane kang Sastra Jendra saged rinuwat dening bathara, sampurna  patinireki, atmane awor lan manungsa, manungsa kang wus linuwih yen manungsa  udani awor lan dewa patinipun, jawata kang minulya mangkana  duk miyarsa tyasira  andhandhang sastra. Ingandhap punika wedharing kang Sastra Jendra Hayuningrat  saking Serat Lokapala.
Pupuh  177
Dhandhanggula
1.      Mas Cebolang kalawan Nurwitri rêsêping  tyas de binojokrama tan mantra-mantra yrn nêbe, supêkêt imbal wuwus, dyan  tumênggung maringkên aglis, srat Lokapala kawya, dumuginya kondur, risang Rama  mring  Ngayodya, lah anakmas kinarya sasamben linggih, jujugên kaca sangga.
2.      Caritane sang Prabu Sumali, ing  Ngalengka kala puruita, mring Bagawan Wisrawa-ne, sêrat tinampan sampun, wus  binuka turira aris, nuhun kauningana, estu jugul punggung, têmbung tuwin  sêkarira , sajêg ulun  sawêg sapisan puniki, sumêrêp sêrat kawya.
3.      Sagêd maos nanging dlêmik-dlêmik, dyang  tumênggung alon angandika, lah rêka wacanên wae, ywa nganggo têmbang lagu, wus  winaca kalankung rindhik, angel kêdaling lesan, dyang tumênggung nuntun, miwah  anjarwani pisan, ragi lanyah nggigit suraosing tulis, têmah kataman rimang.
4.      Wêdharing kang Sastra Harjendra di, wus  tinangkêp sêrat kang winaca, makidhupuh trapsilane, ing nayana mawêlu, dyan  tumênggung mesêm ing galih, ing tyas tan kasamaran, kalejêming sêmu, minawas  wawas jroning tyas, anaratas pantês lamun dentêtêsi, luwês lon angandika.
5.      Babo jêbeng ngagêsang puniki, mrih  waspada pandoming kadadyan, kang pasthi ring pangesthine, panjutaning tyas tuhu,  tarlen kawruh jiwa sajati, mangsa suryaning alam, wikan kang manglimput, myang  pandak panduking driya, kasantaning udaya kang anartani, ing surasa  kêrtarta.
6.      Kang kapusthi pangesthining kapti, tan  lyan mamang katamaning tingkah, ing tumitah mammrih lanteh, tinêtah siang dalu,  tinalisik osiking ati, tiniti mrih tetika, kasidaning dunung, dumunung reh  sangkan-paran, aywa samar pamoring kawula Gusti, mangkana duk miyarsa.
7.      Mas Cêbolang matur mangênjali, dhuh  pukulun sêmbahan kawula, mugi mêlasa ta mangke, maring pun mudha punggung, kang  tuhu tan satmateng gati, ring silastutining tyas, trapsilaning tuwuh, tumuwuh  tanpa pituwas, têmah tiwas ing pangesthi tanpa dadi, saking kirang  wêjangan.
8.      Ingkang wijang jerenganereki, pakartine  ing reh jagad raya, tan mantra uning jatine, marmantakêdah matur, minta tanya  kawruh kang jati, jatine kang winastan, kawruh kang linuhung, Sastra Jendra Hayuning-rat, ing  nguni kang piningit Jawata luwih, myang kang ran Sastra Cetha.
9.      Mênggah têgêsipun kadospundi, miwah  dununging pikajêngira, kang wijang wiji-wijine, dyang mênggung maluya rum, dhuh  anakmas kalangkung rungsit, mungguhing patanyanta, Sastra Jendra iku liring  sifat kayuwanan, -nira Sang Hyang Endra kang mêngku ling-aling, badaling Hyang  Wisesa.
10.  Yen wus wikan ing kajateneki, sayêkti yen  têtêp hayuningrat, lire raharjeng jagade, dene ta inggahipung, Sastra Cêtha  dipun wastani, liring kang Sastra Cêtha, kalêpasanipun kawaskithaning panunggal,  nora samar sangkan paraning dumadi, dumadya mardikeng-rat.
11.  Lire pamijining jagad yêkti, marma tan  kenging kengis ing kathah, sinêngkêr ing Batara-ne, kajaba para Dewa ku, kang  linilan ing Jawata di, Sang Hyang Sukma Kawêkas, myang jalma linuhung, kang  katimeng pamêsunya, puja brata sinung wahyu dyatmikani, nanging mawa  prabawa.
12.  Guntur wisesa myang guntur agni, guntur  bumi miwah guntur braja, guntur ranu myang gunture, awang-awang punika lamun  datan tumama yêkti, pratandha katrima, dene cihnanipun, ingkang datan katrima,  yêkti sirna tanpa sesa ing dumadi, marma ta wis kaduga.
13.  Mêdhar ngilmi gaibing Hyang Widdhi, saking  makatên ing purwanira, jrih sikuning Hyang Murbeng reh, nanging ta puntonipun,  reh ta sami ngudi wawadi, mrih sidhine kasidan, titising pangawruh,  kasampurnaning ngagêsang, kadipundi mungkêring reh tekat yêkti, mrih babaring  kamulyan.
14.  Yêkti wontên upamane anti, ing pangrêman  sarta kang tan lana, kumalêkêrên dadine, tan nêtês dadinipun, tanpa kardi dennya  dumadi, tiwas tanpa pituwas, kangelan saumur, luhung aywa dumadia, manungsa yen  tan sampurna gêsangneki, lir sato tanpa tekad.
15.  Babukaning carita ing nguni, karsaning Sang  Hyang Girinata, angumpulakên ing kawruhe, wit saking mêntas kawus, kawruh jati  kalindhih dening, Rêsi Kanekaputra, mila tinartamtu, ngumpulkên para kadang  Dewa, Rêsi Nrada kalih Bathara Basuki, tiga Sang Hyang Sriyana.
16.  Iya iku kang sinêbut nami, Sang Hyang  Panyarikan paparabnya, kalawan putra kaliye, Bathara Endra dwi Wisnu, samya  têdhak pucuking wukir, ing ardi Jamusdipa, dennya mêdhar kawruh, sawusing pêpak  sadaya, Sang Hyang Guru ambukani kawruh jati, ing ngarêp wus binabar.
17.  Purwaningkang dumadi rumiyin, ingkang wrêda  pribadi pan cahya aulya dahana rumiyin, ingkang wrêda pribadi panca jaladri,  puniku pinabênan, ing Kanekasunu, ing pangancas taksih lêpat, de mangeran marang  kahananireki, sisip-têmbire* (sisip-sêmbire)  dadya.
18.  Sumurupe têteja sayêkti, sarta maring  kêkuwung maring wangkawa, amarga ing sadurunge, isining rat kadulu, maksih  awang-uwung awingit, wus ana swara kadya, gêntha keleng ngungkung, iku Sang  Hyang Girinata, sru anggilut jablasing surasaneki, Bathara Nrada sigra.
19.  Mêjangakên ing atur dumêling, manis tutuk  tatasing kang sabda, Hong Hyang Hyang ulun yêktine,  mênggah ta sagungipun, kawontênankesthi kajatin, kajatosan punika, wonten  kahaneku, saksine wontên wonten manungsa, jagad ingkang manungsa estu tan  pangling, lawan jagading donya.
20.  Mila binasakkên saderenging, wontên cahya  wus ana swara, apindha gêntha kakêleng, pinika wardinipun, liring swara ingkang  kapyarsi, yeku bawa jatinya, gêntha jatinipun, kantha-kanthining kang warna,  kêkêleng pan dudunungan jatineki, anjinging kang bicara.
21.  Dununging bawa neng kantha singgih, kantha  punika sayêkti samar, samar elek satuhune, elok gaib liripun, dene gaib punika  mawi, sasandha kadadosan, babasaning catur, nora warna datan rupa, amimbuhi  sipat wawarnen sakalir, tan ênggon ora arah.
22.  Nanging tansah dennira nglimputi, sagung  ingkang gumêlar neng donya, ngandika tanpa lesane, muhung nyawa puniku, ngganda  tanpa garananeki, muhung purba kewala, myat tanpa netraku, muhung saking ing  waskitha, amiyarsa tanpa karnanira kalih, muhung saking wisesa.
23.  Myang angraos tanpa raos nênggih, muhung  pangraos sajatinira, dene ta kosok wangsule, purwaning ana estu, saking ora  witipun lair, saking ing kabatosan, witing rame estu, saking ing ênêng sanyata,  wit gumêlar saking ing sonya sayêkti, nanging aywa kadriya.
24.  Tawang-tuwang tanpa wasananing, bêbasane  mangeran kumandhang, wusing atur ulun mangke, sirik saestunipun, anênampik  tanapi milih, kalamun anampika, ing sadayanipun, kang gumêlar ngalam-donya,  punapinggih tan ginulung malih, kalamun amiliha.
25.  Punapa tan uninga manawi, sakehing kang  kawontênan apan, saking gaib sejatine, babo ywa nganti kerut, utamine mandar  ngurubi, myang sampun kawimbuhan, malah asung wimbuh, punika kewala cêkap,  dhumatêng ing dunungnya pangsethi jati, jatining kauwusan.
26.  Sigêg ture Sang Kanekasiwi, Sang Hyang Guru  sawusing miyarsa, saklangkung lêga ing tyase, rumaos yen panuju, dennya darbe  pangesthi bangkit, kadya Sang Hyang Athama, ngratoni sawêgung, de kang nama  Hyang Athama, ing srat Jitabsara panjênêngan Nabi, ya Adam Abul Awan.
27.  Sang Hyang Guru nulya dhawuh maring, para  kadang Dewa miwah putra, bisa-a ngudhuni* (ngudhoni/nguruni) ing  reh, ambawa-rasa iku, Hyang Basuki wacana aris, mênggah atur punika, wus lêrês  sadarum, namung ing pamanggihingwang, sawêg têlêng dununging pangesthi jati,  mring Kang Murbeng Gaiba.
28.  Analisir pantoging kang gaib, namung  dunungipun kang pinurwa, ing suraos wau dereng, Hyang Guru ngndika rum, palibaya  pantareng mami, mara katêrangêna, babar-pisanipun, sabda dadining kasidan, Hyang  Basuki mangênjali turira ris, mêdhar wangsit angandhar.
29.  Dhuh pukulun saking wasitaning, guru-ulun  Pêksi Rukmawatya, wukir Mahendra dhepoke, Hyang Kang Murbeng Gaibul, lajêng  murweng anasir rannya, gêni bumi angin we punika dadi, kaananing manungsa.
30.  Latu dadya napsune kang jalmi, martandhani  cahya catur warna, abrit cêmêng jêne putih, bumi badan jasmanu, martandhni  sakawan warni, kulit daging myang tosan, sungsum jangkêpipun, angin kaananing  napas, pan ing lesan ing grana ing netra kalih, myang pamyarsaning karna.
31.  Dene toyo dados kaananing, êroh catur  isining wiryawan, ing Jitabsara têmbunge, inggih asrar puniku, roh jasmani êroh  kewani, êroh nabati lawan, roh nurani catur, punika bilih kawula, sigêg ture  Bathara Basuki sukci, mangkya Sang Hyang Sriyana.
32.  Matur alon ring Hyang Odipati, dhuh pukulun  sang Padawinênang, manawi ing wasitane, ing gurunadi-ulun, parab Rêsi Pramana  tunggil, saking pangraos-amba, langkung tlêsihipun, ingkang wus kasêbut ngarsa,  pasêmone Sang Hyang kang Amurbeng gaib, mênggah pralambangira.
33.  Catur sastra-suwara winarni  A, I, O Rê*) myang  antanwyanjana* (urut-urutaning aksara Jawi), sastra tridasa saptane, makatên  wijangipun, aksara A ( ) mila puniki, angka  sakawan (
) mila puniki, angka  sakawan ( ) lawan, aksara SA (
) lawan, aksara SA ( ) wau, mênggah ing pikajêngira, pan wijining panunggal kawan  prakawis, Bahni bantala bajra.
) wau, mênggah ing pikajêngira, pan wijining panunggal kawan  prakawis, Bahni bantala bajra.
34.  Myang baruna wijangipun nênggih, agni bumi  angin miwah toya, dene aksara BA ( ) sinung, cêrêg ngandhap (
) sinung, cêrêg ngandhap ( ) pikajêngneki, bayi dene tan sondha, dados wujudipun, manungsa  ingkang sampurna, sarwa sangkêp tan wontên kang kirang luwih, aksara O (
) pikajêngneki, bayi dene tan sondha, dados wujudipun, manungsa  ingkang sampurna, sarwa sangkêp tan wontên kang kirang luwih, aksara O ( ) wijangnya.
) wijangnya.
35.  Mila aksara WA ( ) denpasangi, aksara DA (
) denpasangi, aksara DA ( ) mênggah pikajêngnya, mungêl wêdal ing têgêse, pan katingal  puniku, aksara Rê  (
) mênggah pikajêngnya, mungêl wêdal ing têgêse, pan katingal  puniku, aksara Rê  ( ) wijangireki, mila PA cêrêg ngandhap, padha  kanjêngipun, antara ing têgêsira, sampun jangkêp catur swara têgêsneki, gantya  wijiling dênta.
) wijangireki, mila PA cêrêg ngandhap, padha  kanjêngipun, antara ing têgêsira, sampun jangkêp catur swara têgêsneki, gantya  wijiling dênta.
Pupuh  178
M i j i l
1.      Myang wyanjana ing jarwanireki, pêpêking  ponang wong, nanging dereng mawa repa lire, mabusana jangkêping pakarti, lir  jabang duk lair, sing garbaning biyung.
2.      Muhung Swara pracihnaning urip, de  wujuding karo, sastra dwidasa lan pasangane, yeka kang ran  dênta-wyanjaneki,  ha na ca ra ka- ki  *) (



 ); sapiturutipun.
); sapiturutipun.
3.      Ha na ca ra ka  têgêsneki, won duta kinaot **) (wonten duta kinaot),  dunungipun winangsul swarane, ka ra ca  na ha lire puniki, lesan ngucap ing da ta sa wa le-ku *) (



 ).
).
4.      Têgêse Dat kacihna swareki, dununging  suraos, wangsul swara la wa sa ta  da-ne, nggih punika pratandha salami, pa dha ja ya nya-ki, (



 ) lire sami unggul.
) lire sami unggul.
5.      Pan punika pancadriya yêkti, dununging  suraos, wangsul swara nya ya ja dha  pa-ne, lirnya tan pêgat pangidhêpneki, ma ga ba tha nga-ki (



 ), nênggih têgêsipun.
), nênggih têgêsipun.
6.      Babatangan sarira puniki, wit dadosing  kawroh, dunungipun winangsul swarane, nga tha ba ga ma  têgêsireki, ngentha satataning, ngantareng Hyang Agung.
7.      Sajatine wontên manungseki,  srêngkaraning raos, liring srêngkara abên-manise, rasa-rumangsa saliring osik,  kawula lan Gusti, pamor ing sawujud.
8.      Dene pasangan pêcahireki, ricikan rajah  wong, munggeng angga makatên wijange, ha ( ) lidhah mila dipuntêgêsi, ngetokkên sakapti, awit lidhah wau.
) lidhah mila dipuntêgêsi, ngetokkên sakapti, awit lidhah wau.
9.      Anut pakening karsa sayêkti, clupakan  netra ro, pasangan na ( ) mila ing têgêse, katêrangan wit luwakan aksi, pan karya  wênganing, Hyang Pramana tuhu.
) mila ing têgêse, katêrangan wit luwakan aksi, pan karya  wênganing, Hyang Pramana tuhu.
10.  Pasangan ca ( ) tangan têgêsneki, kancuhaning batos, awit tangan dados kancuhane,  osiking tyas nartani pakarti, ra (
) tangan têgêsneki, kancuhaning batos, awit tangan dados kancuhane,  osiking tyas nartani pakarti, ra ( ) manik winardi, sosotya punika.
) manik winardi, sosotya punika.
11.  Wit têrsandhanira wontên manik, rahsa  saraseng don, kang manrangi ing lair batine, ka ( ) cangklakan pundhak denwêrdeni, kukuh dene kardi, pikuwating  bau.
) cangklakan pundhak denwêrdeni, kukuh dene kardi, pikuwating  bau.
12.  Pasangan da ( ) kalamênjing warni, apanjang kinaot, wit manjangkên ing jangga  wujude, pasangan ta (
) kalamênjing warni, apanjang kinaot, wit manjangkên ing jangga  wujude, pasangan ta ( ) cangklakaning sikil, winastan cacêthik, prênah têgêsipun.
) cangklakaning sikil, winastan cacêthik, prênah têgêsipun.
13.  Dene dadya lantaran yêkti, kuwatin  ngalunggoh, anartani tata-trapsilane, pan minangka lambaraning takrim, antuk  suku kalih, dadya ugêripun.
14.  Pasangan sa ( ) jaja antaraning, têgêsipun golong, dene dadya kanthi sayêkti,  awit jaja dununging piranti, pirantining urip, parabot kang parlu.
) jaja antaraning, têgêsipun golong, dene dadya kanthi sayêkti,  awit jaja dununging piranti, pirantining urip, parabot kang parlu.
15.  Pasangan wa ( ) bau ingkang kering, tinêgêsan karo. Dene dadya kanthi sayêktine,  bau kanan lalawananeki, jangkêping pakarti, bau ro puniku.
) bau ingkang kering, tinêgêsan karo. Dene dadya kanthi sayêktine,  bau kanan lalawananeki, jangkêping pakarti, bau ro puniku.
16.  Pasangan la ( ) gêgêr kanan kering, têrusan njaba jro, dene nêrusi jaja ngajênge,  pasangan pa (
) gêgêr kanan kering, têrusan njaba jro, dene nêrusi jaja ngajênge,  pasangan pa ( ) lambe ngandhap nênggih, mila dentêgêsi, patitis puniku.
) lambe ngandhap nênggih, mila dentêgêsi, patitis puniku.
17.  Dene bangkit mijilkên yêkti, pangucap  cumêplos, tan kaleru tampining osike, pasangan dh ( ) nnggih dentêgêsi, dadalan sêjati, wit dhadha puniku.
) nnggih dentêgêsi, dadalan sêjati, wit dhadha puniku.
18.  Dados margi pratandhaning uirp, kakêtêg ing  jêro, mangka paliwaraning Atmane, pasangan ja ( ) sandhing thêthêngiling, jaja dentêgêsi, patitis puniku.
) sandhing thêthêngiling, jaja dentêgêsi, patitis puniku.
19.  Dene dados pangajênging ciri, ayu  kajêngipun peranging kono, aksara *) (wujuding aksara tuwin pasanganipun  sami) ya ( ) babau kanane, tinêgêsan cuthat wit nampeni, karêntêging ati,  tumindak sakayun.
) babau kanane, tinêgêsan cuthat wit nampeni, karêntêging ati,  tumindak sakayun.
20.  Pasangan nya ( ) luwakaning ngaksi, kang kering kinaot, mila tinêgêsan mulung  lire, dene bangkit amêngani kapti, sasmitaning liring, ngênani panuju.
) luwakaning ngaksi, kang kering kinaot, mila tinêgêsan mulung  lire, dene bangkit amêngani kapti, sasmitaning liring, ngênani panuju.
21.  Pasangan ma ( ) janggut dentêgêsi, bundêran wang karo, aksara ga *) (wujuding asksa sami kalaiyan  pasanganipun) (
) janggut dentêgêsi, bundêran wang karo, aksara ga *) (wujuding asksa sami kalaiyan  pasanganipun) ( ) jangga wingking lire, agêng dene panggenaning nginggil,  sanginggil angkeki, kêrêtang pok gulu.
) jangga wingking lire, agêng dene panggenaning nginggil,  sanginggil angkeki, kêrêtang pok gulu.
22.  Pasangan ba ( ) pasu wujudneki têgêsira karo, lire kêmbar nrambahi mukane,  pasangan tha (
) pasu wujudneki têgêsira karo, lire kêmbar nrambahi mukane,  pasangan tha ( ) wujuding thi-athi, tinêgêsan nênggih, tulising mukeku.
) wujuding thi-athi, tinêgêsan nênggih, tulising mukeku.
23.  De mimbuhi asrining suwarni, antareng karno  ro, pasangan nga  ( ) nênggih bolongane, ing grana mila dentêgêsi, pangingsêp wit  saking, panggandasmareku.
) nênggih bolongane, ing grana mila dentêgêsi, pangingsêp wit  saking, panggandasmareku.
Pupuh  179
Asmaradana
1.      De cêcêg ( ) grana lirneki, sami lawan aksara nga, wulu (
) grana lirneki, sami lawan aksara nga, wulu ( ) sirah ing têgêse, pêpêt (
) sirah ing têgêse, pêpêt ( ) têgêse mbun-êmbunan, layar (
) têgêse mbun-êmbunan, layar ( ) lirira jaja, sami lawan ra punika, dene cakra (
) lirira jaja, sami lawan ra punika, dene cakra ( ) têgêsira.
) têgêsira.
2.      Midêr lawan amêngkoni, yeku dhadha  têgêsira, ingaran sawarga lire, pangiraning tyas punika, kawêngku jroning  dhadha, marma pasangan dha jumbuh. Pikajênge  lawan cakra.
3.      Taling ( ) têgêsira kuping, tarung (
) têgêsira kuping, tarung ( ) thêthêngêling karna, ingaranan srêngkara, abên-manis têgêsipun,  marma ingaran mangkana.
) thêthêngêling karna, ingaranan srêngkara, abên-manis têgêsipun,  marma ingaran mangkana.
4.      Krana dadi lantaraning, pacampuring  rahsa mulya, dene wa ( ) gêmbung têgêse, pan punika bau kiwa, pengkal (
) gêmbung têgêse, pan punika bau kiwa, pengkal ( ) pan bau kanan, wignyan (
) pan bau kanan, wignyan ( ) cangkêm têgêsipun, ing dununging pamicara.
) cangkêm têgêsipun, ing dununging pamicara.
5.      Winastan wisarja nênggih, lire bêcik  klawan ala, saking tutuk ing margane, rinan malih awiyarja, luwih bêcik  têgêsnya, saknya malih têgêsipun, nut sapakon têgêsira.
6.      Pakoning manah sayêkti, mulya sae nulya  ala, tutuk darma mêdharake, pangkon ( ) pandhaku lirira, ingaranan pêjahan, sing aksara kang pinangku,  sayêkti wujud manungsa.
) pandhaku lirira, ingaranan pêjahan, sing aksara kang pinangku,  sayêkti wujud manungsa.
7.      De cahya kawan prakara, cêmêng abrit  jêne pêthak, nênggih ing panjing surupe, cahya cêmêng anjingira, sumurup cahya  rêta, rêta manjing surupipun, nênggih maring cahya jênar.
8.      Jênar manjing surupneki, maring cahya  ingkang pêthak, cahya pêthak ing surupe, maring cahya mancawarna, cahya kang  mancawarna, mring cahya mancorong iku, nênggih panjing-surupira.
9.      Cahya kang mancorong manjing, mring  cahya mancur surupnya, cahya umancur surupe, mring cahya wêning punika, cahya  wêning surupnya, mring cahya gumilang iku, cahya gumilang surupnya.
10.  Marang cahya ingkang gaib, têgêse gaib pan  samar, kendêl Sriyana ature, Hyang Guru kelangkung suka, karênan ing wardaya,  dene ta punika kawruh, kapralambang saking sastra.
11.  Sang Hyang Sriyana sinung sih, pinaraban  Panyarikan, jawata jumurung kabeh, mangayubagya ing karsa, sigêg Sriyana turnya,  tandya Sang Endra sumambung, matur sarwi ngaraspada.
12.  Saking raosipun maksih, kadho-kadho ing  pangancas, nênggih dhatêng ing kajaten, awit maksihkaroneyan, bokbilih  tidha-tidha, pamanthênging tyas kalentu, korup dhatêng panguripan.
13.  Manawi pamanthêng kami, namung riningkês  kewala, dhatêng ênêng lan êninge, dene dadose dumadya, rupa warna busana,  pangracutipun pan namung, rasa ambu warna rupa.
14.  Mênggahing pangancas-kami, saestu datan  nalimpang, muhung mring nukat gaibe, pukulun pangraos amba, wus tan ana tisna-a,  nêtês naratas wus putus, wasana ulun sumangga.
15.  Sigêg Sang Hyang Endrapati, dennya medhar  pangawikan, mangkya Hyang Wisnu ature, nuwun mênggah aturira, risang Hyang  Panyarikan, kawruh kapralambang dhaup, lawan sastra samoanya.
16.  Ingkang punika mêwahi, têranging kang  sasêrêpan, mênggah saking wasitane, Sang Ngusmanajid gurwamba, kaananing  manungsa, punika anunggil dhapur, lan kang nglimputi sarira.
17.  Purwanya namung satunggil, kadamêl kalih  ilapat, dene ta binasakake, kakalih ingkang ilapat, langkung kang amicara,  winastan kalih saestu, winastanana satunggal.
18.  Sayêktosipun satunggil, mênggah sastra  tanah Ajam, kang tumrap angga kathahe, jangkêp tigangdasa sastra, saking enget  kuwula, Hyang Pramesthi ngandika rum, mara kulup wêdharêna.
19.  Sang Hyang Wisnu mangênjali, sareh wêdaling  wacana, alip (…ﺍ…)  maripat kalihe be  (…ﺏ…) bolongane kang grana, te (…ﺕ…) ing utêng  dunungnya, se  (…ﺙ…) daging jim  (…ﺝ…) sirah lungguh, ke  alit (…ﺡ…) karna kang kanan.
20.  Ke  ageng (…ﺥ…) karna kang kering, dal alit (…ﺩ…) bau kang kanan, dal agêng (…ﺫ…) bau  keringe, ra (…ﺭ…)  iga têngên kiwa, je  (…ﺯ…) iga ingkang kiwa, sin alit (..ﺱ….) têngêng  kang susu, sin  agêng (…ﺵ…) susu kang kiwa.
21.  Sad (…ﺹ…) lambung kang  têngên nênggih, êdhot (…ﺽ…) lambung ingkang kiwa,  te (…ﻁ…) kukulung  ati nggonne, dha  (…ﻅ…) ing jantung dunungira, ngain (…ﻉ…) pupu kang  kanan, ghin (…ﻍ…)  pupu kiwa dumunung, fe (…ﻑ…) suku têngên  ênggonnya.
22.  Khaf (…ﻕ…) ing dhêngkul  têngên nênggih, kaf (…ﻙ…) suku kiwa  dunungnya, lam  (…ﻝ…) ing wêtêng, min (…ﻡ…) otote, nun (…ﻥ…) balung, wawu (…ﻭ…) gigirnya,  ehe (…ﻫ…) tlapakan  kanan, lam-alip  (…ﻻ…) dunungipun, aneng lathining manungsa.
23.  Ambyah (…ﺀ…) dhêngkul  kiwa nênggih, ya  (…ﻱ…) tlapakan ingkang kiwa, jangkêp sastra tridasane, mangkya rêringkêsanira,  badane kang manungsa, ing saestunipun sampun, inggih angucap piyambak.
 | ——————*) Alip dumugi ya ing pada 19  dumugi 23, aksara Arab tigangdasa, panyêratipun Latin kirang cocok kaliyan  ungêlipun, mila ing wingkingipun kasêrat aksara Arabipun ing kurungan (……)  ingkang boten perlu kawaos. Aksara Arab wau ing buku aslinipun botên kaserat.  Ing ngriki katambahakên murih  cêthanipun.
 | 
24.  Makatên panabdaneki, Ashadu Allah illaha, Illa Allah de wijange, As kulit ha dagingira du gêtih, Allah, urat ilaha iku babalung,  illa sungsum Allah utak.
25.  Manungsa kalamun guling, mangka matrapkên  sukunya, kakalih dhinempetake, dumadi wujud sajuga, dlamakan kalih pisan,  tinapakkên sikut kakalih tumumpang.
26.  Aneng ing prajaneki, asta kekalih kinêmpal,  dados sajuga wujude, ingadêgakên sadaya, punika sampun tansah, anêbut ing  namanipun, tuwin namaning Pangeran.
27.  Gumaluntung ingkang jalmi, punika mungêl  Muhammad, dene pratingkahe sare, mungêl Asmaning Pangeran, Allah Pangeraningrat,  kang murbeng pasthi satuhu, wijange kawikanana.
28.  Awit ing sirah dumugi, pungkasan ingkang  jangga, aksara min  (mim) awalane,  pinêcah dumadya tiga, kêlênging kalih netra, manjing mring Dating Allahu, kang  kalair sadayanya.
29.  Mênggah kajêngipun nênggih, dhatêng  makripat mukadas, mungêl la ing grêbanane, mangkya awit ing pranaja, dumugi  cêthikira, aksara ahe (ehe) punika, lajêng  kawijang triwarna.
30.  Wujudipun khe  manjing maring, Sipat Allah kang lair pan, dene punika kajênge, maring Kakekat  mukadas, grêbanipun winawas, anênggih tan liyan namung, ing ungêlipun  Illaha.
31.  Lajêng wit jênthik dumugi, ing dhêdhêngkul  kering kanan, punika min (mim akirane, ugi  einijang titiga, wujuding kang aksara, manjing maring Asma Allahu, ingkang  kalair sanyata.
32.  Kajêngipun tan lyan maring, dhatêng tarekat  mukadas, ginêrba ungêle, muhung maring lapal Illa,  pungasan winursita, awit kakalih kang dhêngkul, dumugi driji dlamakan.
33.  Yeku aksara dal yêkti, lajêng kawijang  titiga, wujuding kang aksarane, manjing mring Apêngal Allah kang, lair  de kajêngnya, mring Sarengat mukadasu, grêbanipun mungêl Allah.
34.  Aturulun sampun titi, kawontênaning wasita,  muhung amrih ywa tumpang so, winujudakên ing gambar, tinrapkên ing ron êtal,  ciniren katranganipun, gambar kalih dyan binabar.
35.  Mawa cahya anêlahi pindha ulading (alading dahana,  ubaling) dahana, surem Hyang Rawi sorote, binarung swara gurnita,  kilat thathit liwêran, horêg sapta bantalaku, mêsês kanang bayu bajra.
36.  Lir kinêbur kang jaladri, pêthite Hyang  Antaboga, kumitir horêg anggane, satêmah ingkang bantala, gonjang-ganjing  ruhara, ardi Jamusdipa njêpluk (njêbluk), kadi papêdhut  rinaras.
37.  Sang Bathara Odipati, Sang Rêsi  Kanekaputra, miwah Sang Hyang Basukine, Hyang Rndra Hyang Panyarikan, wus sadaya  tan kuwawa, anyêlaki gambar wau, lir sinambêr gêlap lêpat.
38.  Sadaya wus dhawah saking, palênggahan  sowang-sowang, sumaput lir nir jiwane, muhung Sang Bathara Suman, tan owah  dennya lênggah, gambar kalih dyang ranacut, wus sirna kang gara-gara.
39.  Nahên kang gumuling siti, pungun-pungun wus  waluya, wangsul mring palênggahe, karsane Hyang Mahanasa, sadaya kang kawêdhar,  dening Hyang Bathara Wisnu, dilalah samya kalepyan.
40.  Kadya anggane angimpi, wungu nendra tan  kengêtan, dhumatêng ing supênane, muhung Sang Hyang Guirinata, jroning tyas gung  ginagas, ginilut jumbuhing kawruh, tambah ingkang pangawikan.
41.  Mangkono Hyang Wisnu Murti, graiteng tyas  datan samar, dhumatêng kaanane, pinunggêl kang pangandika, amangsuli pangiwa,  mangkana ing aturipun, dhuh Hyang Hyang Padawinênang.
42.  Aturnya Kanekasiwi, myang Basuki  Panyarikan, tanapi Endra ature, ingkang Makatên punika, inggih lêrês sadaya,  nanging ing pamanggihulun, panggêlar panggulungira.
43.  Taksih tumpang so tan mathis, manawi ing  wasitanya, guru ulun Sang kinaot, Ngusmanajid ingkang usman, asalipun manungsa,  inggih saking hêb satuhu, tumurun pan dados cahya.
44.  Kasumupan ponang bumi, dahana maruta tirta,  makatên mênggah dununge, jasat napsu napas rokyat (rohkyat), ingkang  rumiyin dadya, ponang rohkyat napas napsu, kapat jasat kanthinira.
Pupuh  180
Kinanthi
1.      Sawêg samantên turipun, dennya mêdhar  sabda rungsit, Hyang Guru aris ngandika, eh kulup bênêr sireki, apa tan unggul  dahana, de sira unggulkên bumi.
2.      Luwih asor bumi iku, yêkti unggul  ingkang agni, Hyang Wisnu matur manêmbah, sami lêrêsipun ugi, manawi bangsaning  Ejan, linuhurkên ingkang agni.
3.      Awit asal saking latu, luhuripun saking  jin, Banujan jin Idajila, ing srat Jitabsara sami, Sang Hyang Handyan Hayang  Banujan, di Anjiyasmal jibai.
4.      Hyang Guru malih tanya rum, balik sira  iku kaki, asalmu saka ing apa, Wisnu matur mangênjali, ulun manungsa kajiman,  nanging luhur ingkang saking.
5.      Manungsa sayêktinipun, kaliyan kajiman  mami, eh kulup apa ta nora, rumuhun bangsaning Ngêjin, lêrês pukulun punika,  nanging tumtaping ring mami.
6.      Miwah sarira pukulun, punika rumiyin  janmi, kang awit Dang Hyang Ad-Hama, Sang Hyang Siwa ingkang ugi, Nabi Sis  minulya, punika manungsa jati.
7.      SarVng ing dumuginipun, Sang Hyang   Nurcahya ing ngarsi, nVnggih nama Sayid Anwar, lajêng Sang Hyang Nur-raseki,  Sang Hyang Wênang Sang Hyang Tunggal, sirna kamanungsaneki.
8.      Jisim rohkani sadarum, tan katon  dipuntingali, sarêng dumugi paduka, amêngku ing Alam kalih, sagêd botên  katingalan, saged katingal ing jalmi.
9.      Amargi kanjêng pukulun, mangesthi sagêd  ngratoni, manungsa lir Hyang Ad-Hama, Hyang Guru ngandika malih, bênêr kaya  tekatira, amung kanggo mênang êndi.
10.  Tekatira kang saestu, apa manungsa apa jin,  Sang Hyang Wisnu aturira, ulun angge lair batin, ing batin manungsa-tama, ing  lairipun pan êjin.
11.  Wit ulun urutkên estu, asale jiwa rageki,  kamanungsan ulun asal, saking luluhur pribadi, mila kangge kabatinan, amarga  jalu pinasthi.
12.  Dados lalantaranipun, kang wontênkên *)  (ngawontênakên)  jiwa mami, mênggah kajiman kawula, saking ing leluhur estri, kang awit Sang  Hyang Nurcahya, kamantu dening Raja Jin.
13.  Mila punika pukulun, kawula anggêp ing  lair, eh kulup têlênging tekat, apa ora anêtêpi, babasan kabali sura, myang  sungsang bawana balik.
14.  Bathara Wisnu turipun, boten ing saestu  neki, ing ngandhap ing nginggil kebalt,  kawêngku ing têngah awit, wontênipun  winastanan, ing ngandhap tuwin ing nginggil.
15.  Yeku ancêr-ancêipun, wontên ing manungsa  jati, Sang Hyang Guru duk myarsa, asru karênaning galih, babo atmajengsun Suman,  sira angunggal pangesthi.
16.  Kalawan ing jênêng-ingsun, mangkya sira su  wêwahi, paparaba Narayana, mratandhani kahananing, sira manungsa sanyata, Sang  Hyang Wisnu mangastuti.
17.  Para jawata sadarum, abipraya nêmbadani,  sasampunira mangkana,  Sang Hyang Wisnu nulya kardi, ekal cakra dadya tandha,  bundêring santoseng ati.
18.  Nahan ta Bathara Guru, sawusira amiyarsi,  ature kadang dewa, lan putra Bathara kalih, tyas langkung marwata suta, sinung  ilhaming Hyang Widhi.
19.  Sadaya sampun kacakup, datan ana ingkang  cicir, dhawuh wijiling kang sabda, kadang dewa sadayeki, myang putranipun  bathara, ing samangkya karsamami.
20.  Kumpulung kawruh sadarum, ingsun dadekkên  sawiji, minangka wawatoning kang, kawruh kadeatan adi, dadiya gêbênganira,  suteng-ulun Endrapati.
21.  Nanging ingsun kêkêr kukuh, sarta ingsun  waranani, lawan hya kongsi kajambar, sadhengahing manungseki, supayane iku  haywa, madhehkên ing Jawata di.
22.  Marmane manira asung, pralambang iku yen  bangkit, iya dadya manrimanya, ingkang sarta banjur dadi, ing Sanstra Cêtha priyangga,  ing sadurungira dadi.
23.  Ing Sastra Cêtha puniku, apan ta  ingsun-aranni, Sastra jendra ayuninrat, pangruwat diyu rasêksi, wanara  salaminira, dêlahan nunggal jalma-di.
24.  Iku ta ing lairipun, dadiya ambêk bumi,  mungguh ta ing kabatinan, dumadiya pancadaning, sangkan paraning dumadya,  nunggal kawula lan Gusti.
25.  Mratandhanana saestu, kanugrahan ingkang  dhingin, limang ukara kehira, dumadi ambêgireki, mungguh ta ingkang ingaran,  Panca purwanda  pangrawit.
Pupuh  181
S i n o m
1.      Kang dhingi ambêging surya, kapindho  ambênging bumi, katri ambêging maruta, catur ambêging jaladri, panca ambêging  langit, ing sapangkat maneh iku, aran Panca Dumadya,  iku kadadyanireki, apan uga tumangkar limang prakara.
2.      Kang dhingi babaring tigan, dwi lêpasing  sastra-lungit, tumamaning punglu tri-nya, catur pêdhang lumaraping, lima  rêmbêsing warih, ing sapangkat maneh iku, aran Panca  Pranata, dadi pratandhanireki, apan uga tumangkar limang  prakara.
3.      Mandhêg iku kang kapisan, angkêr ingkang  kaping kalih, sumunu kang kaping tiga, sumulap kaping patneki, mamarap ping  limeki, dadi tri golonganipun, lah para kadang dewa, lan putra bathara kalih,  kono padha surasanen tranging nala.
4.      Kadiparan karêpira, lawan kadadeyaneki,  nahên para kadang dewa, lositanireng panggalih, bangkit mbabarkên nanging, tan  sagêd panangkaripun, tuwin kakalih putra, asagêd mêcah ananging, tan kuwawa  maradhahi kang surasa.
5.      Sadaya matur sumangga, Hyang Guru  ngandika malih, eh kadangingsun pra dewa, lan putraningsun kalih, marmanira  sireki, ywa ngaku pintêr kalangkung, mundhak kablingêr padha, kang awit  babasaning ling, jalma pintêrpasthi kasor dening jalma.
6.      Kang sugih pratikel tatas, de jalma  pratikel awig, kasor dening jalma ingkang, inggil luhur misesani, margi margi  kang Murbeng pasthi, anamtokkên jênêngingsun, ginadhuhan wisesa (ginadhukan kang  wisesa), lwih kuwasa jênêngmami, sumurupa duninunging  andikaningwang.
7.      Mungguh abênging kang surya, amongat  têmbungireki, jarwane among samoa, awit ta ananing rawi, tansah angon sakalir,  ngulatkên sakeh tumuwuh, tumrape mring pambêgan, eling dene dunungneki, ing  pramana dadi nora kasamaran.
8.      Ambeging bumi winarna, sun-têbungkên  amot yêkti, karêpe amot sadhengah, dene kaananing bumi, bobot sakeh dumadi  tumraping, pambêkan bakuh, dununge ing jatmika, sarira antêng tyas mintir, ing  wasana dadi nora berabeyan.
9.      Ambêking kanang maruta, sun-têmbungkên  kamrat yêkti, karêpe kamot sabarang, dene kaananing angin tansah katadhah  dening, samoaning kang tumuwuh, tumrape mring pambêkan, têmên dene dunungneki,  aring ingkang napas dadi tan ndaleya.
10.  Nahan ambêking sagara, sun-têbungakên  mamrat yêkti, karêpe momot tan wêgah, kaananing kang jaladri, tan nampik datan  milih, sasarah tumaneng laut, tumrap pambêkan sabar, neng rêrêming rasa jati,  dadi nora pradulen sugih waonan.
11.  Kanang ambêking akasa, sun-têmbungkên  mangkyat nênggih, kaêpe pamêngka ika, dene kaananing langit, datan sah  angaubi,  saisining ngrat kawêngku, tumrap ambêg santosa, dumunung sarehing kapti, dadi  nora gimirên karêp sadhengah.
12.  Lah ta padha kawruhana, kumpule pambêkan  gati, among amot kamot miwah, momot mêngku jangkêpneki, dene tumrapireki,  pambêkan lilima iku, eling têmên mantêp lan, sabar santosaning ati, de dununge  pambêkan limang prakara.
13.  Pramana jatmika ing tyas, aringing  napasireki, kalawan rêrêming rahsa, sareh ing karsa mumpuni, mungguh dadinireki,  pambêkan lilima mau, tan samar tan dahwenan, tan sêmbrana lawan malih, tan  panasan tan gimiran pungkasannya.
14.  Mêdhar kang Panca Dumadya, limang ukara  ginupit, angin babaring antiga, nalika ingsun arani, têtêp karêpireki, tetela  ing ananipun, têtêp dadining gêsang, kawahana tandhaneki, de tandhane iku ana  ing pangrasa.
15.  Pindho lêpasing kang manah, ramatas ingsun  arani, karêpe tatas naratas, yeku têdhas anêdhasi, satuhu anêtêpi, sangkan  paraning tumuwuh, dene ta pratandhannya, sonya ruri anartani, nyatanira ing  pamyarsaning kang karna.
16.  Kaping tri tumamanira, punglu mamis sun  arani, tumêlêng karêpe apan, patitis iku ngencoki, datansah anêtêpi, marang  dudununganipun, tumanêm pratandhanya, nyatane lungguhireki, aneng lathi iya iku  pamicara.
17.  Kaping pat laraping pêdhang, maratas ingsun  arani, karêpe mring kaputusan, pêgat tanpa kiwir-kiwir, babarpisan nêtêpi,  tandha kasampurnanipun, nyatane ing pangganda, arum bangêr amis bacin, arum  sêdhêp kanyataan saka grana.
18.  Ping lima rêmbêsing toya, tumuhas ingsun  arani karêpê tumus arabas, iku têrus anêrusi, dene ptatandhaneki, linggabathara  satuhu, jumênêng batharanya, mungguh kanyataaneki, ing paningal jangkêp kang  Panca dumadya.
19.  Kumpule kadadyan lima, têtêp tatas sarta  titis, putus tumus sah lilima, gênahe lilima maring, tetela têdhas tuwin,  angincoki pêgatipun, kanyataaning lima, kawahana sunyaruri, myang tumanêm  sampurna lingga-bathara.
20.  Nyatane ing kadadeyan, lilima tan liyan  maring, pangrasa ingkang kapisan, ing karna kang kaping kalih, ing lesan kaping  katri, ing grana kang kaping catur, ing paningal ping  gangsal, kadang dewa  putra sami, sru katrêsnan umatur kalajêngêna.
21.  Odipati mêdhar sabda, prabawa limang  prakawis, nahan landhêp kang kapisan, iku sun arani lêngit, marang singit  karêmpit, karêpira iya iku, mamêdeni wong kathah, dene wus anjumbuhi, kalawan  Hyang Maha Suksma Kang Kawêkas.
22.  Wus anunggal sakaanan, sarira suksma  pribadi, kapindhone kawaskitan, wikan purwaning dumadi, ing agal miwah rêmit,  sawujud Bathara Luhung, akaprabawan saka, waskithanireng panggalih, kaya-kaya  uning sadurung winahya.
23.  Sumunu kang kaping tiga, iku lênyêp sun  arani, karêpe wingit sanyata, antêng ruruh anyênênni, de wus nugraha jati,  Bathara ingkang linuhung, kaprabawanan saka, sarwa dyatmika ing budi, nênging(~)  nala nêrusi marang sarira.
24.  Sumulap ingkang kaping pat, lêmarap ingsun  arani, angulapi karêpira, iya iku (m)balêrêngi, kang mandêng tan kuwawi, dene ta  uwus saestu, rikang sotya-bathara, awit kaprabawan saking, anarawang sadaya  sarwa pramana.
25.  Mamarap kang kaping lima, lêmahab ingsun  arani, maladi karêpe ika, iya iku angurubi, dene ta wus linêwih, sajiwa bathara  iku, wus kaprabawan saka, sarwa wibawa wiryadi, uwus ganêp prabawa limang  prakara.
26.  Kumpule prabawa lima, juga lungit kadwi  wingit, tri wingit ngulabi warna, kaping limane maladim gênahe prabaweki, kang  sapisan iku alus, mêdeni kapindhonya, kaping trine anyênêni, pat (m)blêrêngi  amaladi limanira.
27.  Prabawa ingkang prabawa, waskitha ingkang  rumiyin, pangrasa ping kalihira, dyatmika kang kaping katri, pramana caturneki,  wibawa ping limanipun, atusing pangandika, -nira Sang Hyang odipati, myang pra  dewa dyan muksa mring pakayagan.
28.  Mangkane kang Sastra Cêtha, mungguh Panca  purwandeki, bumi gêni angin toya, dadi jasate kang jalmi, langit ngibaratneki,  ing alam suwung sathu, dene wus kanyataan, amêngkoni ing dumadi, de karêpe batin  mêngku kalairan.
29.  Dene ta Panca dumadya, Pancadriya  dunungneki, pangraos ingkang sapisan (˚) pamyarsa kang kaping kalih, pangucap  kang kaping tri, pangganda kang kaping catur, paningal kang kaping lima,  sadayeku padha dadi, trêsandhaning uripe ingkang manungsa.
30.  Mungguh kang Panca prabawa, puniku  amratandhani, katarimaning manungsa, katarimaning manungsa, katingaling sarira  di, waskitha têgêsneki, lêrêsing pramana estu, pangrasa têgêsira, lêpasing karya  sayêkti, pramana pan lêpasing pandulunira.
31.  Dyatmika ing têgêsnira, sênênning cahya  mranani, wibawa têgêse apan, mêngku sakeh raos jati, pinetak lima malih,  sarira-bathara iku, uwus abadan budya, sawujud bathara nênggih, satuhune uwus  nunggal warna rupa.
32.  Nugraha bathara ika, uwus ênêng sarta  êning, netra-bathara iku apan, uwus linêpas ing budi, sajiwa-bathara di, wus  langgêng kaananipun, kawula Gusti nunggal, lah anakmas wus baresih, Sastra  Jendra unggahe mring Sastra Cêtha.
Nyuwun agunging samudra pangaksama dumateng  sadaya para sarjana ugi pinisepuh mugi purun nampi keladhug kurang trapsilaning  pun Kumitir sampun kumalancang wantun ngedalaken kawruh ingkang sinengker  punika, Kumitir namung sadermi ngleruri kabudayan Jawi paribasan : ‘canthing  jail dicidhukna banyu segara olehe iya mung sathithik, lowung dene taksih saged  nyidhuk, sanadyan namung saisining canthing jail, tinimbang suwung blung. Sampun  titi tamat wedharing kawruh Sastra Jendra Hayuningrat menggah unggahing mring  Sastra Cêtha, tumplêg ing maknawi kinarya lalantaran ing agêsang wus anyêkapi,  mugiya tansah angsal kanugrahan saking ngarsaning Hyang Murbeng Gesang.  Rahayu.
Sumber   :
Serat Centhini Jilid III, Pupuh 177 dumugi Pupuh 181.  Yasandalemm KGPAA Amengkunagara III (Ingkang Sinuhun Paku Buwana V) ing  Surakarta. Kalatinaten Miturut Aslinipun dening : Kamajaya. Penerbit Yayasan  Centhini, Yogyakarta 1986.
________________________________________
      
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
SILAHKAN TINGGALKAN PESAN ANDA DISINI