:________________________________________
Ajaran Samin yang terkenal di wilayah Blora dan sekitarnya tidak lepas dari sosok Samin Surosentiko. Siapa Samin Surosentiko itu? Samin Surosentiko adalah putra dari Raden Surowijoyo yang juga disebut sebagai Samin Sepuh sebagai perintis gerakan Saminisme yang juga putra dari Pangeran Kusumaniayu (Bupati Sumoroto--kawasan di Kabupaten Tulungagung).
Samin Surosentiko lahir pada 1859 dengan nama Raden Kohar di Desa Ploso Kedhiren, Randublatung Kabupaten Blora. Raden Kohar mengubah namanya menjadi Samin Surosentiko sebab Samin adalah sebuah nama yang memiliki konotasi wong cilik. Samin Surosentiko juga masih mempunyai pertalian darah dengan Kyai Keti di Rajegwesi, Bojonegoro.
Pada 1890 Samin Surosentiko mulai mengembangkan ajarannya di daerah Klopoduwur Blora Jawa Tengah. Banyak yang tertarik dan dalam waktu singkat sudah banyak orang menjadi pengikutnya. Saat itu pemerintah Kolonial Belanda menganggap sepi ajaran tersebut. Ajaran tersebut cuma dianggap sebagai ajaran kebatinan atau agama baru yang remeh belaka.
Pada 1903 Residen Rembang melaporkan terdapat 722 orang pengikut Samin yang tersebar di 34 desa di Blora bagian Selatan dan Bojonegoro. Mereka giat mengembangkan ajaran Samin. Pada 1907, pengikut Samin sudah berjumlah sekitar 5000 orang. Pemerintah Belanda mulai merasa was-was sehingga banyak pengikut Samin yang ditangkap dan dipenjarakan.
Pada 8 November 1907, Samin Surosentiko diangkat oleh pengikutnya sebagai Ratu Adil dengan gelar Prabu Panembahan Suryangalam. Kemudian 40 hari sesudah menjadi Ratu Adil itu, Samin Surosentiko ditangkap oleh asisten Wedana Randublatung, Raden Pranolo. Beserta delapan pengikutnya, Samin lalu dibuang ke luar Jawa (ke kota Padang, Sumatra Barat), dan meninggal di Padang pada 1914.
Tahun 1908, Penangkapan Samin Surosentiko tidak memadamkan gerakan Samin. Pada 1908, Wongsorejo, salah satu pengikut Samin, menyebarkan ajarannya di Madiun, mengajak orang-orang desa untuk tidak membayar pajak kepada pemerintah Belanda. Wongsorejo dengan sejumlah pengikutnya ditangkap dan dibuang keluar Jawa.
Pada 1911 Surohidin, menantu Samin Surosentiko dan Engkrak salah satu pengikutnya menyebarkan ajaran Samin di Grobogan. Karsiyah menyebarkan ajaran Samin di kawasan Kajen, Pati. Perkembangannya kemudian tidak jelas.
Tahun 1912, pengikut Samin mencoba menyebarkan ajarannya di daerah Jatirogo, Kabupaten Tuban, namun gagal.
Puncak penyebaran gerakan Samin terjadi pada 1914. Pemerintah Belanda menaikkan pajak. Disambut oleh para pengikut Samin dengan pembangkangan dan penolakan dengan cara-cara unik. Misalnya, dengan cara menunjukkan uang pada petugas pajak, "Iki duwite sopo?" (Ini uangnya siapa?), dan ketika sang petugas menjawab, "Yo duwitmu" (Ya uang kamu), maka pengikut Samin akan segera memasukkan uang itu ke sakunya sendiri. Singkat kata, orang-orang Samin misalnya di daerah Purwodadi dan di Balerejo, Madiun, sudah tidak lagi menghormati pamong Desa, polisi, dan aparat pemerintah Belanda yang lain.
Dalam masa itu, di Kajen Pati, Karsiyah tampil sebagai Pangeran Sendang Janur, mengimbau kepada masyarakat untuk tidak membayar pajak. Di Desa Larangan, Pati orang-orang Samin juga mengejek dan memandang para aparat desa dan polisi sebagai badut-badut belaka.
Di Desa Tapelan, Bojonegoro juga terjadi perlawanan terhadap pemerintah, dengan tidak mau membayar pajak. Karena itu, teror dan penangkapan makin gencar dilakukan pemerintah Belanda terhadap para pengikut Samin. Pada tahun 1914 ini akhirnya Samin meninggal dalam pengasingannya di Sumatra Barat. Namun teror terus dilanjutkan oleh pemerintah Belanda terhadap pengikut Samin. Akibat teror ini, sekitar tahun 1930-an, perlawanan gerakan Samin terhadap pemerintah kolonial menguap dan terhenti. Namun diluar dugaan tampaknya ajaran Samin tersebut tetap eksis hingga sekarang.
SUMBER : http://kawruh-kejawen.blogspot.com/
Baca Selengkapnya...
________________________________________
Minggu, 08 Januari 2012
Mengenal Sosok Samin Surosentiko
Sabtu, 07 Januari 2012
2. LAKSITA – JATI
:________________________________________
Suaroasipun : Dhuh hem adhuh, kawula manembah ing suksma, dununging panembah, sageda tinarimah lan angsal ganjaran saking kamirahanipun Sang Hyang Guru, ingkang mengku sakliring pepadhang.
Amratelakaken lampah Pangluluhaning Raga supados yen kita pejah, badan kita wadhak saged nunggil kaliyan badan kita ingkang alus, kasebut badan Rohani utawi badan Suksma.
Menggah janjinipun, badan wadhag lan alus punika boten kenging pisah, sangkan paranipun anunggil kahanan jati, upami satumunggeng rimbangan. Ananging wawangsulan ing tembe badan wadhag punika luluh sampurna wonten salebeting badan alus, kalumpatan dening kayu dhahim, tegesipun ; “ Gesang kang tetep dumunung ing kahanan kits pribadi , mila dipun pralambangi “ Warangka Manjing Curiga “ tegesipun ; “ Badan wadhag dumunung salebeting badan alus “ dene pralambangipun “ Curiga Manjing Warangka “ tegesipun ; “ Badan alus taksih dumunung wonten salebeting badan wadhag. “ Mila lajeng wonten andhah-andhahing babasan mekaten ;
“ Jasad embaning Budi –> Budi embaning Napsu –> Napsu embaning Karsa -> Karsa embaning Suksma -> Suksma embaning Rahsa -> Rahsa embaning Cipta -> Cipta embaning Kawasa -> Kawasa embaning Wisesa. “
Wondene pangluluhaning, badan wadhag wau kalampahanipun kedah ameper saliring hawa napsu, sarta anglampahana Budi : rila, legawa, trima, temen bener, susila lan utami.
Punapadene tansah anyipta ajal antukna makaten: “ Jagad bumi alam kabeh sumusupa marang badan, badan sumusupa marang budi, budi susmusupa marang napsu, napsu sumusupa marang nyawa, nyawa sumusupa marang rahsa, rahsa sumusupa marang cahya, cahya sumusupa marang atma, atma sumusupa marang Ingsun, Ingsun jumeneng pribadi “
Kajawi punika ugi kedah nyegah lampah 7 prakawis, kadosta :
1. Sampun Carobo, nanging taberi Susuci.
2. Sampun Anguja Dhahar, nanging dhahar yen sampun luwe.
3. Sampun Angembong Unjukan, nanging ngunjuka manawi sampun ngelak.
4. Sampun Karem Nendra, nanging tilema manawi sampun arip.
5. Sampun Receh ing Wicara, nanging ngendika’a janji angen wahyaning mangsakala.
6. Sampun Anguja Karesmen, nanging sanggama’a manawi sampun kangen sanget.
7. Sampun Tansah Ambibingah Panggalih, sanadyan kasukan inggih angger boten tilar ing dugi prayogi, muhung angladosi angarah sukapirenaning para mitra.
Maketan ugi ingagesang sampun ngantos kasandhangan pangrencana 8 perkawis inggih punika :
1. Angumbar Napsuhawa.
2. Anguja suka-suka.
3. Dora paracidra tindak panganiaya.
4. Ulah resah.
5. Lampah nistha.
6. Tingkah Deksura.
7. Kesed sungkanan sabarang karya.
8. Lumuh nestapa pujabrata.
Inggih punika bekaning ngagesang ingkang mumurung lampah, jalaraning kandheg boten saged dumugi saesthining panedya, sebab bebasanipun makaten ;
1. Nistapapa, tiyang nista manggih papa.
2. Dhustalara, tiyang dusta manggih pisakit.
3. Dorasangsara, tiyang dora manggih sangsara.
4. Niayapati, tiyang niaya manggih papati.
Mila makaten margi kalakuaning ngagesang punika kados kumandhang upaminipun, punapa pandamel ingkang katandukaken ing liya, sayekti badhe tumempuh dhateng badanipun piyambak.
Sayogyanipun tiyang gesang kedah anglampahana tapabrata kados ing ngandhap punika ;
1. Tapaning Badan ; kedah anoraga, lan taberi ulah pandamel sae.
2. Tapaning Manah ; narima lan sepen pangangsa-angsa gunging pakarti druhaka.
3. Tapaning Napsu ; rila lan sabar ing coba bilai, sarta ngapuntena kalepataning liyan.
4. Tapaning Suksma ; timen lan boten dhahwen panasten.
5. Tapaning Rahsa ; rereh sabarang karsa miwah agung ing panalangsa.
6. Tapaning Cahya ; enenng-ening tegesipun eneng santosaning pangesti, ening pelenging
paningal.
7. Tapaning Gesang ; awas sarta emut.
Kajawi punika menggahing anggota ugi sami darbe wewenang piyambak-piyamabak, kadosta ;
1. Tapaning Netra ; cegah sare lan mengo dhateng kamelikan.
2. Tapaning Karna; cegah napsuhawa, lan lumuh miarsa ing paraben.
3. Tapaning Grana ; cegah panguawasa, lan lumuh angisep-isep awoning liyan.
4. Tapaning Lesan ; cegah dhahar, lan boten angraosi awoning liyan.
5. Tapaning Purasa ; cegah syahwat, lan boten resah ing sanggama, tegesipun lampah
bandrek.
6. Tapaning Asta ; cegah colong celer calimut, lan boten cengkiling.
7. Tapaning Suku ;cegah lumampah pandamel awon, lan taberi ndalu kalayan samadi.
Utaminipun anglampahana saungeling bebabsan kados ing ngandhap punika ;
“ Turua yen arep nepsu, Nepsua yen arep perang, Peranga yen arep mangan,Mangana yen arep lumaku, Lumakua yen arep turu. “ utawi “ Katimbang turu luwih becik tangi, Katimbang tangi luwih becik melek, Ketimbang melek luwih luwih becik lungguh, Katimbang lungguh luwih becik ngadeg, Katimbang ngadeg luwih becik lumaku.”
Wondene prayoginipun sadaya lampah punika saged anyamun, sampun ngantos ungas lan kawistara, sarta tansah prayitna ing gesangipun, sarana amatrapna makaten ;
1. Solah bawa den angkah-angkah.
2. Wedaling wicara den irih-irih.
3. Pasanging ulat den amanis.
Inggih makaten punika sajatining tatakrami, dene sampurnaning lampah wau empanipun animbanga ing empan papan, patrapipun sampun tilar ing dugiprayogi.
Tumindakipun animbang watawis, linaksanan kaliyan riringa, waspada wedaling mangsakala, tepanging sambawa lan sambada, inggih punika pepetinganing lampah. Sebab lestantuning solahbawa, sumingkir saking celaning sarira, ateges pangleburan kuciwaning raga, kadosta ;
1. Kusuting Busana ; kalingan dening jatmika,
2. Kasloroning Ujar ; kalingan manise wicara,
3. Kuciwaning Warna ; kalingan dening mrakati,
4. Cacading Raga ; kalingan dening Netra sumeh,
5. Taliti Sudra; kalingan dening legawa wicaksana.
Pramila den sami santosa ing pangesti, margi yen boten sampurna tapabratanipun kasebat ing nginggil, saged dhumawah ing jaman paniksaning gesang ingkang dumunung 7 pangkat, dhumawah kasandhang salah satunggal utawi langkung, inggih punika ;
1. Jamaning Kamlaratan ; witipun saking boros.
2. Jamaning Kawirangan ; witipun lena tanpa prayitna.
3. Jamaning Kabodhohan ; witipun kesed sungkanan.
4. Jamaning Angkara ; witipun budhuk mumuk.
5. Jamaning Sangsara ; witipun resahng lampah.
6. Jamaning Sasakit ; witipun tuwuk nedha.
7. Jamaning Kabilaen ; witipun remen amaeka.
Manawi saged suminggah saking rancananing ngagesang 7 prakawis wau, mbokmanawi angsal marmane Pangeran saged lumebet 7 pangkat saking salah satunggal, utawi langkung saking Jamaning Kamulyan, inggih punika ;
1. Jamaning Kabegjan ; witipun nastiti teki-teki.
2. Jamaning Kabrajan ; witipun budi welas.
3. Jamaning Kaluhuran ; witipun taberi andhapasor.
4. Jamaning Kawicaksanan ; witipun talaten babinau.
5. Jamaning Kasakten ; witipun puruita lan tapabrata.
6. Jamaning Karaharjan; witipun awas emut.
7. Jamaning Kayuswan ; witipun sabar, trima, lila, tapa.
Aliya kasebut ing nginggil wau sayogyanipun ngagesang punika angina ciptasasmita ingkang medal saking tutuwuhaning budi, ingkang paparengan kaliyan indhaking yuswa. Dene tutuwuhaning budi atas ngagesang, saestu santun sumantun, inggih punika ;
“ Tuwuhing Kaengatan, tuwuhing Pamarsudi, tuwuhing Sarenging Sedya, tuwuhing Pangatos-atos, tuwuhing Bubudi, tuwuhing Kasantosan, tuwuhing Rumaos, tuwuhing Lereming Penggalih, tuwuhing Jatmika, lan tuwuhing beka pepeka.”
Ananging ngagesang ingkang umuripun langkung saking 72 taun, asring nganggeni bebuden kados kala lare alit malih.
Murih sampun ngantos kalampahan makaten, boten sanes naming kedah nyegah saliring napsuhawa, sarta marsudi sampurnaning ilmu. Woten wawarah semu pangerang-erang kasebut ing kitab Manganiharki, makaten :
“ Ageng-agenging dosa punika tiyang ulah ilmu makripat ingkang magel. Awit saking dereng kabuki ing pambudi, dados boten sumerap ing suraosipun.
Dene ingkang sampun padhang, kuwassa anampeni suraosing ilmu sadaya, temtu manggih kamulyaning sangkan paran. Kasebut ing kadis salebeting kitab INSAN KAMIL makaten :
“ Sinten ingkang sumerap ing pangeranipun, saestu inggih sumerap ing badanipun. Sinten ingkang sumerap ing badanipun, saestu inggih sumerap ing Pangeranipun. “
Tegesipun ingkang ingkang sumerap ing Pangeranipun, punika inggih sampun sumerap suraosipun Ilmu Makripat sadaya.
Kajawi kasebut ing nginggil, ugi kedah tansah emut yen angegesang punika boten wande nemahi pejah, mila sampun pegat pinelenga ing pangesti, sagedipun waluyajati paworing kawula gusti, sarana taberi tansah anyuwungaken pancandriya, sarta angengkoki jumeneng sarira Bathara, inggih punika winastan pangabekti ingkang langgeng ( SALAT DHA’IM ).
Bahasinupun : “ Salat ngiras nyambut damel, lenggah sinambi lumampah, lumajeng salebeting kendel, ambisu kaliyan wicanten, kesahan kaliyan tilem, tilem kaliyan melek. Yen temen-temen Insya Allah jinurung sampurna waluyajati.”
Baca Selengkapnya... ________________________________________
" UILAHENG HONGMANGARCANA, MATAYA, AWIGNA MASTUNA MASHIDEM, UPAH MAYANA SIWAHA "

Jumat, 06 Januari 2012
1. WIRAYAT – JATI
:________________________________________
Anenggih punika pituduh ingkang sanyata, anggelaraken dunung lan pangkating kawruh kasampurnan, wiwiwnih saking pamejangipun para wicaksana ing Nungsa Jawi, karsa ambuka pitedah kasajatining kawruh kasampurnan, tutladhan saking kitab TASAWUF. Panggelaring wejangan wau thukul sakingkaweningan raosing penggalih, inggih Cipta Sasmitaning Pangeran, rinilan ambuka wedharing pangandikaning Pangeran dhateng Nabi Musa Kalamolah, ingkang suraosipun mekaten " ING SABENER - BENERE MANUNGSA IKU KANYATAHANING PANGERAN, LAN PANGERAN IKU MUNG SAWIJI "
Pangandikaning Pangeran ungkang mekaten wau, inggih punika ingkang kawesharaken dados witing kawruh kasampurnan, ingkang lajeng kawedharaken para gurunadi dhateng para ingkang sami katarimah puruitanipun. Dene wonten kawruh wau, lajeng kadhapuk 8 papangkatan sarta pamejangipun sarana kawisikaken ing talingan kiwa, Mangertosipun asung pepenget bilih wedharing kawruh kasampurnan punika mboten kenging kawejangaken dhateng sok tiyanga, dene kengingipun kawejangaken namung dhateng tiyamh imgkang sampun pinaringan Ilhaming
Pangeran, tegesipun tiyang ingkang sampun tinarbuka papadhanging budi pangangen-angenipun/ ciptanipun.
Awit saking punika, pramila ingkang sami kasdu maos serat punika sayuginipun sinembuha nunuwun ing Pangeran, murih tinarbuka ciptaning saged anampeni saha angecupi suraosipun wejangan punika, awit suarosipun pancen kapara nyata yen saklangkung Gawat. Mila kasembadanipun saged angecupi punapa suraosing wejangan punika, inggih muhung dumunung ing ndalem Raosing Cipta kemawon. Mila inggih mboten kenging kangge wiraosing kaliyan ingkang sampun NUNGGIL RAOS, wedaling pangandika ugi mawia DUDUGI lan PRAMAYOGI, mangertosipun kedah angen mangsa lan empan papan saha sinamun ing lulungidaning basa.
Menggah wontening wewejangan 8 pangkat wau kados ing ngandhap punika :
I. Wewejangan ingkang rumiyin dipun wastani “ Pitedahan Wahananing Pangeran “ sasadan pangandikanipun Pangeran dhateng Nabi Muhammad SAW.
Mekaten pangandikanipun : “ Sejatine ora ono opo – opo, awit duk maksih awang – uwung during ana sawiji – wiji, kang ana dihin iku ingsung, ora ana Pangeran anging ingsun sajatine kang urip luwih suci, anartani warna aran lan pakartiningsun ( Dat, sipat, asma, afngal ) “
Menggah dunungipun mekaten : “ kang binasakake angandika ora ana Pangeran anging Ingsun, sajatine urip kang luwih suci, sejatosipun inggih gesang kita punika rinasuk dening Pangeran kita, menggahing warna nama lan pakarti kita, punika sadaya saking purbawasesaning Pangeran kita, inggih kang sinuksma, tetep tinetepan, inggih ingkang misesa, inggih Wang’ ( daean inggih kang manuksma, inggih kang sinuksma, tetep tinetepan, inggih kang misesa, inggih kang kawisesa, umpami surya lan sunaripun, maben lan manisipun, sayekti mboten saged den pisaha )
II. Wewejangan ingkang kaping kalih dipun wastani : “ Pambuka Kahananing Pangeran “, pamejangipun amarahaken papangkatan adeging gesang kita dumunung ing dalem 7 kahanan, sasadan pangandikaning Pangeran dhateng Nabi Mohammad SAW .
Mekaten pangandikanipun : “ Satuhune Ingsun Pangeran sejati, lan kawasa anitahake sawiji – wiji, dadi padha sanalika saka karsa lan pepesteningsun, ing kono kanyatahane gumelaring karsa lan pakartiningsun, kang dadi pratandha “.
Kang Dhihin ; Ingsun gumana ing dalem alam awang – uwung kang tanpa wiwitan
tanpa wekasan, iya iku alam Ingsun kang maksih piningit.
Kapindho ; Ingsun nganakake cahya minangka panuksmaningsun dumunung ana ing
alam pasenedaningsun.
Kaping telu : Ingsun nganakake wawayangan, minangka panuksma lan dadi
rahsaningsun, dumunung ana ing alam pambabaring wiji.
Kaping pat : Ingsun anganakake suksma, minangka dadi pratandha kauripaningsung,
dumunung ana ing alam getih.
Kaping lima : Ingsun anganakake angen – angen kang uga dadi warnaningsung, ana
ing dalem alam kang lagi kena kaumpamaake bae.
Kaping enem : Ingsun anganakake budi, kang minangka kanyatahan pencaring angen –
angen kang dumunung ing dalem alaming badan alus.
Kaping pitu : Ingsun anggelar warana kang minangka kakandhangan sakabehing
paserenaningsun. Kasebut nem prakara ing ndhuwur mau tumitah ana
ing donya iya iku sajatining manungsa.
Kacariyos wontening warana wau, kadadosaken saking pakartining pramana, warni sosotya kang darbe sorot manca warni. Ing nalikanipun mosik lajeng ngawontenken warna tigang ( 3 ) perangan, ing satunggal – tunggaling perangan sami angawontenaken warni nigang perangan malih, kadosta ;
1. Huruh, ngawontenaken :
1. Kulit, daging, sapanunggalanipun,
2. Manik, manah, jantung sapanunggalanipun,
3. Harah, Mani, sapanunggalanipun
2. Kukus ngawontenaken:
1. Napas lan Kaketeg.
2. Pancandriya.
3. Napsu
3. Toya ngawontenaken :
1. Suksma utawi Nyawa.
2. Rahsa utawi Cipta,
3. Cahya.
Sadaya wau inggih punika ingkang sami dados warnaning Pangeran, dumunung ing badan kita pribadi, sampun uwas lan sumelang ing penggalih. Sebab kawontenanipun ingkang gumelar ing jagad ageng lan jagad alit, punika sampun kawengku wonten salebeting warana, kaprabawan dening purbawasesaning Pangeran kita.
III. Wewejangan ingkang kaping tiga dipun wastani; “ Gegelaran Kahananing Pangeran “ pamejangan ambeberaken ingkang dados kanyatahan lan karsaning Pangeran, nalika anggelaraken kahanan miwah panguwasanipun, inggih punika ingkang anedahaken waktu badhe dhatengipun pejah, kamg ugi sasadan pangandikanipun Pangeran dhateng Nabi Mohammad SAW.
Mekaten Pangandikanipun ; “ Sajatine manungsa iku rahsaningsun lan Ingsun iki rahsaning manungsa, karan ingsun anitahake wiji kang cacamboran dadi saka karsa lan panguwasaningsun, iya iku sasmitaning geni, bumi, angin lan banyu ingsun panjingi limang ( 5 ) prakara iya iku : CAHYA, CIPTA, SUKSMA ( Nyawa ), ANGEN – ANGEN, lan BUDI iku minangka embanan panuksmaningsun, sumrambah ana ing dalem badaning manungsa.
Wejangan ing nginggil punika cundhuk kaliyan pangandikanipun para wicaksana ing Atasangin. Mekaten ; “ Rupa sajati iku asal saka sajatining rupa, sajatining rupa inggih warnaning Pangeran kang sejati, kababar wonten ing rupa kita pribadi, inggih punika tuladha surating Pangeran. Utawi sajatining Pangeran punika dados tiladhaning Nyawa utawi Suksma sajati, Nyawa sajati dados tuladhaning warna sajati, warna sajati punika dados tuladhaning rupa kita sajati”. Sampun uwas sumelang malih sabab kahananing manungsa punika tuturutan wahananing Pangeran, katandha saking prabawaning cahya kang anglimuti ing warna kita pribadi.
Amung dumugi samanten kemawon tepapalupining pralambang, menggah sumelehing penggalih kasumanggaaken, angger katuwuhan Budi wicaksana, sayekti saged anampeni suraosipun sadaya wejangan punika wau.
IV. Wewejangan ingkang kaping sakawan dipun wastani ; “ Kayektening Pangeran “ inggih punika pitedahan tataning karaton, duk tinata wonten uteking manungsa. Sejatosipun inggih naming kangge pitedahan kayektening wujud satunggal – satunggal, anandhakaken kadadosan karsa, ingkang mboten ewah gingsir ing kahananipun. Wejangan wau inggih anggelaraken bab kasampurnaning manungsa, kang ugi sasadan pangandikanipun Pangeran dhateng Nabi Mohammad SAW.
Mekaten pangandikanipun : “ Sejatine Ingsun anata palenggahan, dumunung ana ing enggon parameaningsun, jumeneng ana ing sirahing manungsa. Kang ana sajroning sirah iku utek, kang gegandhengan ana ing antarane utek iku manik, yoiku telenging netra aran pramana. Sajroning manik iku Budi, sajroning Budi Iku Napsu , kang uga ingaran angen – angen. Sajroning Napsu iku Suksma , kang uga ingaran Nyawa, Roh utowo Getih . Sajroning Suksma iku Rahsa, kang uga ingaran Cipta. Sajroning Rahsa iku Ingsun , ora ana Pangeran, nanging Ingsun sajatining urip kang anglimuti sagunging kahanan.”
Menggah dunungipun mekaten :
1. Sirah Sajatining enggen Parameyan.
2. Utek kandanging Cahya, pambukaning netya.
3. Manik Sajatining Pramana, pambukaning Paningal.
4. Budi Sajatining Manah, pambukaning Pamicara.
5. Napsu Sajatining Angen – angen, pambukaning Swara.
6. Suksma Sajatining nya, pambukaning Swarga.
7. Rahsa Sajatining Gesang, pambukaning Pangraos.
Peperangan ing nginggil punika, sajatosipun mboten sanes witing Pangawasa wau, inggih saking purbawasesaning Pangeran kita.
V. Wewejangan ingkang kaping gangsal, dipun wastani ; “ Kanyatahan Kahananing Pangeran “, inggih punika ambuka panataning palenggahan duk jumeneng wonten salebeting Jantunging Manungsa, punika sajatosipun inggih namung minangka pitedahan kayektening kahanan satunggal – satunggal, nandhaaken kedadosaning karsa ingkang langgeng boten mawi ewah gingsir saking kahanan jati. Mekaten ugi ngemot cariyos bab kasampurnaning manungsa, sasadan pangandikaning Pangeran dhateng Nabi Mohammad SAW.
Mekaten pangandikanipun; “ Sajatine ingsun anata palenggahan ono sajroning jantunging manungsa, iyo iku enggon laranganingsung, jumeneng ono dhadhaning manungsa, kang ana sajroning dhadha iku Ati, kang gagandhengan ana saantaraning Ati iku Jantung, sajroning Jantung iku Budi, sajroning Budi iku Jinem, tegese angen-angen, sajroning Jinem iku Suksma, sajroning Suksma iku Rahsa, sajroning Rahsa iku Ingsun. Ora ana Pangeran anging Ingsun, sajatining urip kang anglimuti sagunging kahanan.”
menggah dunungipun mekaten :
1. Dhadha, tegesipun griya kang ka’awisan.
2. Ati, tegesipun pancadriya, inggih napsu, wahyaning napas.
3. Jantung, tegesipun osik gangsal, inggih birahi, wahyaning keteteg.
4. Budi, tegesipun kawaspadan, inggih karsa, wahyaning pamicara.
5. Jinem, tegesipun panggraita, inggih swara, wahyaning pamiarsa.
6. Suksma, tegesipun erah, inggih cipta, wahyaning pangganda.
7. Rahsa, tegesipunurip, inggih kang kawasa, wahyaning pangraos.
Perangan ing nginggil punika, inggih sami kemawon maksudipun kaliyan perangan ing wewejangan ingkang Kaping Sekawan.
VI. Wewejangan ingkang kaping enem, dipun wastani : “ Kayekten Kahananing Pangeran “ inggih punika pambuka tataningf palenggahan duk tinata wonten kontholing manungsa, inggih saking karsaning Pangeran ingkang amesti, punika sejatosipun inggih among minangka pitedahan Kayektening kahanan satunggal-satunggal, nandhaaken kedadosaning Karsa ingkang mboten mawi ewah gingsir ing kahanan jati. Mekaten ugi ngemot cariyos bab ksampurnaning manungsa ingkang ugi sasadan pangandikanipun Pangeran dhateng Nabi Mohammad SAW.
Mekaten Pangandikanipun : “ Sajatine Ingsun anata palenggahan ana sajroning kontholing manungsa, iku omah dununging pasucianingsun, kang ana sajroning konthol iku pringsilan, kang anglimuti ana sa’antaraningpringsilan iku Mani, sasarining Mani iku Madi, sasarining Madi iku Wadi, sasarining Wadi iku Manikem,sajroning Manikem iku Rahsa, sajroning Rahsa iku Ingsun. Ora ana Pangeran anging Ingsun, sajatine urip kang anglimuti sakliring tumitah, jumeneng dadi wiji kang piningit, tumurun mahanani sosotya kang ndingin kahanan kabeh, maksih dumunung ana alaming Wiji , laju manggon ana ing alam pambabaring wiji, laju tumurun ana ingalam suksma, iya iku getih, laju tumurun ana ing alam kang during kahana, iya iku alam kang ingaran upama, laju tumurun marang alam Dunya, iya iku alaming manungsa urip, lan iya iku sajatining warnaningsun.”
Menggah dunungipun mekaten :
1. Konthol ; sinebut griya kang kasuceaken.
2. Pringsilan ; nyataning birahi, bubuka sengseming manah.
3. Mani ; nyataning hawa, bubuka sengseming pandulu.
4. Madi ; nyataning karsa, bubuka sengsemig pamireng.
5. Wadi ; nyataning cipta, bubuka sengseming pocapan.
6. Manikem ; nyataning pangraos, bubuka sengseming pangambu.
7. Rahsa ; nyataning panguwasa, bubuka sengseming salulut.
Panggenanipun malih :
1. Mani ; pejuh ingkang taksih kados toya, warninipun surat biru.
2. Madi ; sarining mani, warninipun surat dhadhu.
3. Wadi ; sarining madi waraninipun surat jene.
4. Manikem ; sarining wadi warninipun pethak maya-maya kadi retna.
5. Wiji kang piningit ; inggih punika Rahsa Sajati.
6. Sosotya ing dhihin, inggih manik embaning Rahsa Sajati, ing ngriku wonten pepangkatan pambabaring wiji, dumunung pitung ( 7 ) kahanan, inggih punika nalika kita taksih dumunung wonten guwagarbaning rena ( biyung ), inggih punika :
1. Duk kendel 1 wulan kita dumunung wonten alaming Wiji..
2. Duk kendel 2 wulan kita dumunung wonten pasenedhaning Wiji.
3. Duk kendel 3 wulan kita dumunung wonten pambabaring Wiji.
4. Duk kendel 4 wulan kita dumunung wonten alaming Rah.
5. Duk kendel 5 wulan kita dumunung wonten alaming Upama.
6. Duk kendel 6 wulan kita dumunung wonten alaming Badan.
7. Duk kendel 7,8,9 wulan kita dumunung wonten alaming Manungsa.
Ing ngriku kita tetep jumeneng kasampurnaning manungsa ( Insan Kamil ), sampun darbe pakerti kita badhe lahir saking guwagarbaning Ibu, tumitah wonten ing dunya.
Dene wejangan punima menawi tumanduk dhateng tiyang istri, wenang kasantunan pamangsitipun makaten : “ Ingsun anata palenggahan jumeneng, ana bagane Siti Kawa, kang ana sajroning baga iku purana, kang ana antaraning purana iku reta, sajroning reta iku madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikem, sajroning manikem iku Rahsa, sajroning Rahsa iku Ingsun, lan salajengipun kados wejangan tumrap ing priya kasebut ing nginggil.
VII. Wewejangan ingkang kaping pitu, dipun wastani “ Panetepan Santosaning Pangandel “
Bubuka saking kawruh kang winastan sahadat, awit dene pamejangipun amangsit ingkang dados pikekah pangandel kita, anggening angestoaken dhateng kayektening gesang kita pribadi manawi sampun tetep rinasuk dening Pangeran kita, kados kasebut kitab Mahdus.
Menggah lampahing pejah ingkang sampun kinawruhan, anyariosaken sajatining pangidep,ingkang terus dumugi kencenging pangesti, pipiridan saking cipta sasmitaning Nabi Mohammad SAW, ingkang kawasiataken dhateng Bagendha Ngali, mekaten; “ Ingsun anekseni, satuhune ora ana Pangeran anging Ingsun, lan anekseni , satuhune ora ana Pangeran anging Ingsun, lan anekseni satuhune Muhammad iku utusaningsun.” Dene dunungipun makaten : “ Ingkang dupun wastani Pangeran, punika inggih jumenenging gesang kita pribadi, sebab sajatosipun, sakathahing pasebutan punika boten wonten, mila binasaaken boten wonten Pangeran, punika tetepipun inggih amung gesang kita pribadi , ingkang sinebut ingkang anebut., lahiring Pangeran wonten ing manungsa, lan batining manungsa wonten Pangeran. Dene ingkang dipun wastani Mohammad, dede Nabi Mohammad SAW. Ing Mekah Madinah, nanging sajatosipun punika Cahya kita pribadi, mila kaaekn utusan amargi Cahya kita punika dados panengeraning Pangeran. Lenggahipun makaten: “ Sayekti kabeh tumeka marang sira utusaning Pangeran metu saka ing awak ira, mungguh utusan iku nyambadani barang saciptanira, yen angandel sayekti antuksih pangapuraning Pangeran.
Manawi sampun saged anampeni pitedahan ingkang makaten punika dipun awas ing penggalih, inggih gesang kita pribadi punika jumenenging nugraha lan kanugrahan. NUGRAHA punika GUSTI, KANUGRAHAN punika KAWULA, tunggil tanpa wangenan wonten ing badan kita pribadi, sampun uwas sumelang malih.
Wejangan wau, manawi kawiridaken dhateng tiyang estri, kawewahane makaten : “ Ingsun anakseni satuhune ora ana Pangeran anging ingsun, lan anekseni Mohammad, iku utusaningsun, lan Fatimah iku umatingsun “.
VIII. Wewewjangan ingkang kaping wolu, dipun wastani ; “ Paseksen.” Awit pamejangipun kinen anekseaken dhateng sanak kita , inggih punika sagunging dumadi ingkang gumelar wonten ing donya kadosta : Bumi, Langit, Surya, Wulan, Lintang, Latu, Angin, Toya, lan sapanunggilanipun, samiya aneksenana yen kita samangke sampun angakeni jumeneng Pangeran, dados warganing Pangeran ingkang sajati.
Wawarah punika mendhet saking suraosipun Kitab Mahdhus, ingkang anggelaraken bab jamaning pejah. Bab punika inggih nunggil kemawon kaliyan ingkang kasebut ing wewejangan ingkang kaping pitu, sami wirid saking cipta-sasmitaning Nabi Mohammad SAW, ingkang kawedharaken dhateng Bagendha Ngali mekaten :
“ Ingsun anekseni ing urip ingsun dhewe, satuhune ora ana Pangeran anging Ingsun, lan Ingsun anekseni Mohammad iku utusaningsun lan sajatine kanga ran ALLAH iku badaningsun, Rasul iku Rahsaningsun Mohammad iku Cahyaningsun, iya ingsun kang ora kena pati, kang eling ora kena lali, langgeng ora owah gingsir ing kahanan jati, iya Ingsun kang waskita ora kasamaran ing sawiji-wiji, tetep Ingsun kang Murba Misesa, kang luwih wicaksana, byar sampurna padhang trawang, ora karasa apa-apa ora katon apa-apa, aIngsun kang mengku alam kabeh, kalawan purba wisesa pepesteningsun.”
Menggah dunungipun makaten :
“ Kasebut ing dalem dikir: LAILAH HAILALLAH MOHAMMADUR ROSULULLAH, tegesipun : Boten wonten Pangeran anging ALLAH. Mohammad punika utusaning ALLAH. Ananging sajatosipun ingkang dupun wastani ALLAH punika pakartining Rasul, Rasul punika inggih Mohammad, lan Mohammad punika sajatosing Cahya kita, sajatosing gesang kita punika inggih gesanging Pangeran kayekten kasebut pitedahing Qur’an, manawi Pangeran punika kuwasa mijilaken gesang saking pejah, wijiling pejah saking gesang, inggih gesang kita pribadi punika sayekti saking ngapejah, ing wekasan boten kenging pejah tetep gesang ing dunya tuwin ing delahan, boten kesupen ing gesang kita boten ewah gingsir kahanan jati. Dados pepuntoning pangidep ingkang bontos dhateng PELENGING PANGESTI, sampurnaning gesang kita punika boten karaos punapa-punapa, sampun uwas sumelang malih.”

Wirid Maklumat Jati
:________________________________________
1. Wirayat Jati
2. Laksita Jati.
3. Panunggal Jati.
4. Karana Jati.
5. Purba Jati.
6. Saloka Jati.
7. Sasmita Jati.
8. Wasana Jati.
Suaroasipun : Dhuh hem adhuh, kawula manembah ing suksma, dununging panembah, sageda tinarimah lan angsal ganjaran saking kamirahanipun Sang Hyang Guru, ingkang mengku sakliring pepadhang.
Baca Selengkapnya...
________________________________________
WIRID MAKLUMAT JATI mengku 8 wiridan
1. Wirayat Jati
2. Laksita Jati.
3. Panunggal Jati.
4. Karana Jati.
5. Purba Jati.
6. Saloka Jati.
7. Sasmita Jati.
8. Wasana Jati.
8 Wiridan punika minangka Wedharing Ilmu Kebatosan.
" UILAHENG HONGMANGARCANA, MATAYA, AWIGNA MASTUNA MASHIDEM, UPAH MAYANA SIWAHA "
Langganan:
Postingan (Atom)