" UILAHENG HONGMANGARCANA, MATAYA, AWIGNA MASTUNA MASHIDEM, UPAH MAYANA SIWAHA "
Suaroasipun : Dhuh hem adhuh, kawula manembah ing suksma, dununging panembah, sageda tinarimah lan angsal ganjaran saking kamirahanipun Sang Hyang Guru, ingkang mengku sakliring pepadhang.
Amratelakaken lampah Pangluluhaning Raga supados yen kita pejah, badan kita wadhak saged nunggil kaliyan badan kita ingkang alus, kasebut badan Rohani utawi badan Suksma.
Menggah janjinipun, badan wadhag lan alus punika boten kenging pisah, sangkan paranipun anunggil kahanan jati, upami satumunggeng rimbangan. Ananging wawangsulan ing tembe badan wadhag punika luluh sampurna wonten salebeting badan alus, kalumpatan dening kayu dhahim, tegesipun ; “ Gesang kang tetep dumunung ing kahanan kits pribadi , mila dipun pralambangi “ Warangka Manjing Curiga “ tegesipun ; “ Badan wadhag dumunung salebeting badan alus “ dene pralambangipun “ Curiga Manjing Warangka “ tegesipun ; “ Badan alus taksih dumunung wonten salebeting badan wadhag. “ Mila lajeng wonten andhah-andhahing babasan mekaten ;
“ Jasad embaning Budi –> Budi embaning Napsu –> Napsu embaning Karsa -> Karsa embaning Suksma -> Suksma embaning Rahsa -> Rahsa embaning Cipta -> Cipta embaning Kawasa -> Kawasa embaning Wisesa. “
Wondene pangluluhaning, badan wadhag wau kalampahanipun kedah ameper saliring hawa napsu, sarta anglampahana Budi : rila, legawa, trima, temen bener, susila lan utami.
Punapadene tansah anyipta ajal antukna makaten: “ Jagad bumi alam kabeh sumusupa marang badan, badan sumusupa marang budi, budi susmusupa marang napsu, napsu sumusupa marang nyawa, nyawa sumusupa marang rahsa, rahsa sumusupa marang cahya, cahya sumusupa marang atma, atma sumusupa marang Ingsun, Ingsun jumeneng pribadi “
Kajawi punika ugi kedah nyegah lampah 7 prakawis, kadosta :
1. Sampun Carobo, nanging taberi Susuci.
2. Sampun Anguja Dhahar, nanging dhahar yen sampun luwe.
3. Sampun Angembong Unjukan, nanging ngunjuka manawi sampun ngelak.
4. Sampun Karem Nendra, nanging tilema manawi sampun arip.
5. Sampun Receh ing Wicara, nanging ngendika’a janji angen wahyaning mangsakala.
6. Sampun Anguja Karesmen, nanging sanggama’a manawi sampun kangen sanget.
7. Sampun Tansah Ambibingah Panggalih, sanadyan kasukan inggih angger boten tilar ing dugi prayogi, muhung angladosi angarah sukapirenaning para mitra.
Maketan ugi ingagesang sampun ngantos kasandhangan pangrencana 8 perkawis inggih punika :
1. Angumbar Napsuhawa.
2. Anguja suka-suka.
3. Dora paracidra tindak panganiaya.
4. Ulah resah.
5. Lampah nistha.
6. Tingkah Deksura.
7. Kesed sungkanan sabarang karya.
8. Lumuh nestapa pujabrata.
Inggih punika bekaning ngagesang ingkang mumurung lampah, jalaraning kandheg boten saged dumugi saesthining panedya, sebab bebasanipun makaten ;
1. Nistapapa, tiyang nista manggih papa.
2. Dhustalara, tiyang dusta manggih pisakit.
3. Dorasangsara, tiyang dora manggih sangsara.
4. Niayapati, tiyang niaya manggih papati.
Mila makaten margi kalakuaning ngagesang punika kados kumandhang upaminipun, punapa pandamel ingkang katandukaken ing liya, sayekti badhe tumempuh dhateng badanipun piyambak.
Sayogyanipun tiyang gesang kedah anglampahana tapabrata kados ing ngandhap punika ;
1. Tapaning Badan ; kedah anoraga, lan taberi ulah pandamel sae.
2. Tapaning Manah ; narima lan sepen pangangsa-angsa gunging pakarti druhaka.
3. Tapaning Napsu ; rila lan sabar ing coba bilai, sarta ngapuntena kalepataning liyan.
4. Tapaning Suksma ; timen lan boten dhahwen panasten.
5. Tapaning Rahsa ; rereh sabarang karsa miwah agung ing panalangsa.
6. Tapaning Cahya ; enenng-ening tegesipun eneng santosaning pangesti, ening pelenging
paningal.
7. Tapaning Gesang ; awas sarta emut.
Kajawi punika menggahing anggota ugi sami darbe wewenang piyambak-piyamabak, kadosta ;
1. Tapaning Netra ; cegah sare lan mengo dhateng kamelikan.
2. Tapaning Karna; cegah napsuhawa, lan lumuh miarsa ing paraben.
3. Tapaning Grana ; cegah panguawasa, lan lumuh angisep-isep awoning liyan.
4. Tapaning Lesan ; cegah dhahar, lan boten angraosi awoning liyan.
5. Tapaning Purasa ; cegah syahwat, lan boten resah ing sanggama, tegesipun lampah
bandrek.
6. Tapaning Asta ; cegah colong celer calimut, lan boten cengkiling.
7. Tapaning Suku ;cegah lumampah pandamel awon, lan taberi ndalu kalayan samadi.
Utaminipun anglampahana saungeling bebabsan kados ing ngandhap punika ;
“ Turua yen arep nepsu, Nepsua yen arep perang, Peranga yen arep mangan,Mangana yen arep lumaku, Lumakua yen arep turu. “ utawi “ Katimbang turu luwih becik tangi, Katimbang tangi luwih becik melek, Ketimbang melek luwih luwih becik lungguh, Katimbang lungguh luwih becik ngadeg, Katimbang ngadeg luwih becik lumaku.”
Wondene prayoginipun sadaya lampah punika saged anyamun, sampun ngantos ungas lan kawistara, sarta tansah prayitna ing gesangipun, sarana amatrapna makaten ;
1. Solah bawa den angkah-angkah.
2. Wedaling wicara den irih-irih.
3. Pasanging ulat den amanis.
Inggih makaten punika sajatining tatakrami, dene sampurnaning lampah wau empanipun animbanga ing empan papan, patrapipun sampun tilar ing dugiprayogi.
Tumindakipun animbang watawis, linaksanan kaliyan riringa, waspada wedaling mangsakala, tepanging sambawa lan sambada, inggih punika pepetinganing lampah. Sebab lestantuning solahbawa, sumingkir saking celaning sarira, ateges pangleburan kuciwaning raga, kadosta ;
1. Kusuting Busana ; kalingan dening jatmika,
2. Kasloroning Ujar ; kalingan manise wicara,
3. Kuciwaning Warna ; kalingan dening mrakati,
4. Cacading Raga ; kalingan dening Netra sumeh,
5. Taliti Sudra; kalingan dening legawa wicaksana.
Pramila den sami santosa ing pangesti, margi yen boten sampurna tapabratanipun kasebat ing nginggil, saged dhumawah ing jaman paniksaning gesang ingkang dumunung 7 pangkat, dhumawah kasandhang salah satunggal utawi langkung, inggih punika ;
1. Jamaning Kamlaratan ; witipun saking boros.
2. Jamaning Kawirangan ; witipun lena tanpa prayitna.
3. Jamaning Kabodhohan ; witipun kesed sungkanan.
4. Jamaning Angkara ; witipun budhuk mumuk.
5. Jamaning Sangsara ; witipun resahng lampah.
6. Jamaning Sasakit ; witipun tuwuk nedha.
7. Jamaning Kabilaen ; witipun remen amaeka.
Manawi saged suminggah saking rancananing ngagesang 7 prakawis wau, mbokmanawi angsal marmane Pangeran saged lumebet 7 pangkat saking salah satunggal, utawi langkung saking Jamaning Kamulyan, inggih punika ;
1. Jamaning Kabegjan ; witipun nastiti teki-teki.
2. Jamaning Kabrajan ; witipun budi welas.
3. Jamaning Kaluhuran ; witipun taberi andhapasor.
4. Jamaning Kawicaksanan ; witipun talaten babinau.
5. Jamaning Kasakten ; witipun puruita lan tapabrata.
6. Jamaning Karaharjan; witipun awas emut.
7. Jamaning Kayuswan ; witipun sabar, trima, lila, tapa.
Aliya kasebut ing nginggil wau sayogyanipun ngagesang punika angina ciptasasmita ingkang medal saking tutuwuhaning budi, ingkang paparengan kaliyan indhaking yuswa. Dene tutuwuhaning budi atas ngagesang, saestu santun sumantun, inggih punika ;
“ Tuwuhing Kaengatan, tuwuhing Pamarsudi, tuwuhing Sarenging Sedya, tuwuhing Pangatos-atos, tuwuhing Bubudi, tuwuhing Kasantosan, tuwuhing Rumaos, tuwuhing Lereming Penggalih, tuwuhing Jatmika, lan tuwuhing beka pepeka.”
Ananging ngagesang ingkang umuripun langkung saking 72 taun, asring nganggeni bebuden kados kala lare alit malih.
Murih sampun ngantos kalampahan makaten, boten sanes naming kedah nyegah saliring napsuhawa, sarta marsudi sampurnaning ilmu. Woten wawarah semu pangerang-erang kasebut ing kitab Manganiharki, makaten :
“ Ageng-agenging dosa punika tiyang ulah ilmu makripat ingkang magel. Awit saking dereng kabuki ing pambudi, dados boten sumerap ing suraosipun.
Dene ingkang sampun padhang, kuwassa anampeni suraosing ilmu sadaya, temtu manggih kamulyaning sangkan paran. Kasebut ing kadis salebeting kitab INSAN KAMIL makaten :
“ Sinten ingkang sumerap ing pangeranipun, saestu inggih sumerap ing badanipun. Sinten ingkang sumerap ing badanipun, saestu inggih sumerap ing Pangeranipun. “
Tegesipun ingkang ingkang sumerap ing Pangeranipun, punika inggih sampun sumerap suraosipun Ilmu Makripat sadaya.
Kajawi kasebut ing nginggil, ugi kedah tansah emut yen angegesang punika boten wande nemahi pejah, mila sampun pegat pinelenga ing pangesti, sagedipun waluyajati paworing kawula gusti, sarana taberi tansah anyuwungaken pancandriya, sarta angengkoki jumeneng sarira Bathara, inggih punika winastan pangabekti ingkang langgeng ( SALAT DHA’IM ).
Bahasinupun : “ Salat ngiras nyambut damel, lenggah sinambi lumampah, lumajeng salebeting kendel, ambisu kaliyan wicanten, kesahan kaliyan tilem, tilem kaliyan melek. Yen temen-temen Insya Allah jinurung sampurna waluyajati.”
________________________________________
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
SILAHKAN TINGGALKAN PESAN ANDA DISINI